-->

Ads 720 x 90

Ejaan Jawa Baku

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Ejaan Basa Jawa beda karo ejaan basa Indonesia. Ejaan Jawa Baku iku cara nulis lan maca umume kanggo Jawa Tengahan. Katrangan pepak bisa dipriksani ana ing website Sesotya

Aksara ‘a’ diwaca a, upamane :
mangan, larang, ora, lan liyane
Aksara ‘a’ diwaca e, upamane : pandita, pamiarsa, pandega lan liyane. Diwaca pendito, pemiarso, pendego.
Aksara ‘a’ diwaca o-jawa, upamane : ana, apa, aja, lan liyane diwaca ono, opo, ojo

Aksara ‘e’ diwaca e, upamane :
merem, pelem, ayem, lan liyane.
Aksara ‘e’ diwaca é, upamane : kéré, keré mété
Aksara ‘e’ diwaca è, upamane : tekèk, mènèk, golèk, lan liyane

Aksara ‘o’ diwaca o, upamane :
ora, bodo, koplo, lan liyane
Aksara ‘o’ diwaca o-jawa, upamane : kothong, bolong, kolor lan liyane

Aksara ‘i’ diwaca i, upamane :
nini, sisi, pipis, lan liyane
Aksara ‘i’ diwaca é, upamane : alis, mulih, malik, lan liyane diwaca alés, muléh, malék.

Aksara ‘u’ diwaca u, upamane :
yuyu, wagu, guru, lan liyane
Aksara ‘u’ diwaca ó, upamane : mabur, katut, lamur, lan liyane diwaca mabór, katót, lamór
Ana aksara-aksara sing diwaca gemantung tembunge. Upamane alis & alise diwaca alés & alise. Irung & irunge diwaca iróng & irunge

Jalaran seko sistim iki, akèh tembung2 sing tulisane pada, pocapane beda lan tegese uga beda. Conto :

Kere bisa diwaca keré utawa kéré
Gendeng bisa diwaca gendeng utawa gendèng
Cemeng bisa diwaca cemeng utawa cemèng
Emut bisa diwaca emut utawa émut
Kuthuk bisa dhiwoco kuthuk utawa kuthók.
Tulisan putih bisa diwaca putih bisa putéh
Tulisan garing bisa diwaca garing bisa garéng

Wiki
Semoga artikel Ejaan Jawa Baku bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter