-->

Ads 720 x 90

ILIR-ILIR

Kiriman saking : Mul Yanto - mul.yanto6@yahoo.com


Ilir-ilir, Ilir-ilir, tandure wus sumilir

Dipun sanepaaken  taneman pantun wonten ing sabin ingkang nembe gesang, Umat  wonten ing Jawi sami angrasuk agami Islam saking para wali sak sampunipun Majapahit runtuh.Saenggo keyakinanipun dumateng agami Allah punika taksih dlamat-dlamat dereng kiyat ananging sampun siap nampi petunjuk saking para wali.Upami tiyang gesang ing alam donya nembe akil baliq
Umat ingkang angrasuk agami Allah punika upami taneman nedeng-nedenge angrembaka subur, ketawis ijo royo-royo, amargi gembira ing manah angsal margi ingkang padhang margining kaleresan ingkang sak leres-leresipun taksih giat-giatipun nglampai ibadah. Upamiyo tiyang gesang dipun upamekaken temanten enggal .Amargi temanten enggal punika margining tiyang gesang lumebet ing alam bebrayan agung saestunipun, kedah anggadhahi tanggel jawab dumateng kulowarganipun piyambak-piyambak.Ugi taksih santosa raganipun,santosa pikiranipun.
Ingkang dipun wastani bocah angon inggih punika para pemimpin umat, ulama, ustad dalah pemimpining nagari. Dene blimbing punika satunggaling buah ingkang persegi gangsal dipun sanepaaken gangsal rukun Islam ugi sholat gangsal wekdal. Wonten ngriki para pemimpin wau angsal prentah maringi conto ugi mbimbing dumateng umat supados nglampai ajaran Islam ingkang leres. Inggih punika nglampahi gangsal rukun islam lan sholat gangsal wekdal.
Dodot punika punika kain sinjang ingkang dipun damel kain kebesaranipun tiyang Jawi ingkang biasanipun namung dipun damel wonten upacara utawi wonten wekdal ingkang penting kemawon, wonten ing mriki dodot punika maksudipun badan kita . Blimbing punika saget dipun damel kagem ngumbah kain batik  utawi sinjang supados awet.Maknanipun umat islam supados nglampahi rukun Islam dalah sholat gangsal wekdal ingkang ginanipun damel anyuceni raga, mila para pemimimpin agami tuwin nagari anggenipun mbimbing umat najanta awrat kedah tetep tlaten lan teguh. Sanajan awrat anggenipun nglampahi kedah tetep dipun lampahi .
Ibaratipun kain dodot ingkang sampun suwek-suwek badan kita menika kebak dosa amargi tingkah polah kita wonten ing alam ndonya, ugi amargi kita asring anglaleaken ajaran agami.
Dhumateng sedaya umat islam dipun prentahaken tlaten anggenipun nglampahi ugi nyampurnaaken anggenipun angrasuk agami Islam , tekun anggenipun ngibadah , nyampurnaaken imanipun ingkang tujuanipun kangge ngadhep wonten ngarsanipun Allah ing mangke
Mumpung margi kangge ndandani iman tuwin aklak punika taksih  padhang terang, mumpung wekdal dalah kesempatan taksih kathah damel nyampurnaaken anggen kita nglampahi agami.
Ya suraka, surak hiya
Mangga dipun sambut prentah ingkang agung punika amargi wekdal ugi kesempatan taksih wiyar, prentah punika dipun lampahi kanthi suka renaning penggalih.
Semoga artikel ILIR-ILIR bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter