-->

Ads 720 x 90

PEPAK BASA JAWA: TEGESE TEMBUNG HOMONIM LAN HOMOGRAF


HOMONIM LAN HOMOGRAF

Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese.

Tuladha
asma tegese a. jeneng, nama

b. lara napas/mengi

beton tegese a. isi nangka

b. cor-coran semen, watu, krikil lan gesik

bledug tegese a. anak gajah

b. lebu sing katut angin

catur tegese a. papat

b. gunem, omong

enggal tegese a. cepet, gelis age-age, ndhang

b. anyar

golek tegese a. araning wayang kayu/ boneka saka kayu

b. ngupadi, ngupaya

jumeneng tegese a. ngadeg

b. dadi, madeg

kala tegese a. jaring

b. nalika, ndhek, wektu, wayah

kalong tegese a. suda

b. araning kewan kang saba bengi bangsane lawa

kedalon tegese a. kewengen

b. kematengen tumprp woh-wohan

krama tegese a. rabi, omah-omah

b. aturan

labuh tegese a. araning mangsa sawise ketiga dadi rendheng

b. minggir/mandheg tumpraping prahu

mundhut tegese a. tuku

b. njupuk

ngasta tegese a. mulang

b. nggawa

ngelih tegese a. luwe, weteng kosong

b. mindhah

ngukur tegese a. ngilangi rasa gatel nganggo kuku

b. arep ngerti dawane utawa ambane

sepet tegese a. arane rasa

b. kulit klapa

sekar tegese a. tembang

b. kembang

serat tegese a. layang

b. garis/ototing kayu

sura tegese a. araning sasi jawa

b. wani kendel

timur tegese a. enom, muda

b. wetan

wani tegese a. ora wedi, gelem

b. nantang

waja tegese a. untu

b. araning wesi

wayah tegese a. putu

b. wektu, mangsa

weling tegese a. araning ula

b. wekas


Homograf yaiku tembung padha penulisane, beda pacopane, beda tegese.
meri tegese a. anak bebek

b. iri

geger tegese a. awak sisih mburi

b. pereng

apel tegese a. buah

b. dolang neng kanca wadon
Semoga artikel PEPAK BASA JAWA: TEGESE TEMBUNG HOMONIM LAN HOMOGRAF bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter