-->

Ads 720 x 90

PEPAK BASA JAWA: TEGESE UKARA PARIBASAN LAN TULADHNAE

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.

Tuladha :
v 
Adigang, adigung, adiguna : Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran.
Ana catur mungkur : Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala.
Angon mangsa : Golek wektu kang becik/ prayoga.
Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak.
Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine.
Busuk ketekuk pinter keblinger : Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.
Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.
Cincing-cincing maksa klebus : Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh.
Criwis cawis : Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe.
Dahwen ati open : Nyacad nanging duwe pamrih.
Desa mawa cara, negara mawa tata : Saben panggonan duwe cara dewe.
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani.
Durung pecus keselak besus : Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna.
Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge.
Garang-garing : Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan
Njajah desa milang kori : Lelungan tekan ngendi-ngendi
Jalukan ora wewehan : Seneng njaluk ora gelem menehi
Jer basuki mawa beya : Gegayuhan kudu nganggo ragad.
Njunjung ngentebake : Ngalembana ananging niyate ngasorake.
Kalah cacak menang cacak : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.
Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi.
Keplok ora tembok : Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad.
Ketula-tula ketali : Uripe ngrekasa banget.
Kumenthus ora pecus : Umuk ananging ora sembada.
Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa gawe ewuh.
Mbuwang tilas : Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.
Mikul dhuwur mendhem jero : Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa.
Nabok nyilih tangan : Tumindhak ala sarana kongkonan.
Nyolong pethek : Mleset saka pambatange.
Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.
Rawe-rawe rantas : Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake.
Rukun agawe sentosa : Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih.
Sabaya mukti sabaya mati : Rukun nganti tumekaning pati.
Sepi ing pamrih rame ing gawe : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
Sing sapa salah seleh : Sapa sing salah bakal konangan.
Sura dira jayaningrat lebur : Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik.
Tega larane ora tega patine : Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan.
Tinggal glanggang colong playu : Ninggalake papan pasulayan, peperangan.
Tulung menthung : Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi.
Tuna sathak bathi sanak : Rugi bandha nanging bathi pasuduluran.
Ulat madhep ati karep : Wis mantep banget kekarepane.
Undhaking pawarta sudane kiriman : Kabar iku beda karo nyatane.
Welas tanpa alis : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan.
Yitna yuwana lena kena : Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal nemu cilaka.
Semoga artikel PEPAK BASA JAWA: TEGESE UKARA PARIBASAN LAN TULADHNAE bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter