-->

Ads 720 x 90

Prabu Kalimantara

Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur.
Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar
iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan
nguwasani tribawana.

Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake
wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan
kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.
Para agul-aguling praja mau, ing antaraning kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali,
Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran
Banarata, ndadekake Prabu Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging
ndonya.

Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug
perang menyang Suralaya ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun
widadari sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari.
Para wadya dorandara maune iya padha nyoba arep mbalekake bala raseksa kang
nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya dorandara tetela ora kongang nadhahi
yudane para manggala perang wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha
dhugdheng kuwi.

Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan padha mundur. Kori Selamatangkep ageage
ditutup. Para raseksa ngepung rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara
Narada banjur nganakake pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo
ngundurake para raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.
Untung dene wadya raseksa kang ngepung Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani.
Bathara Narada banjur golek sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan
Manumayasa.

Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa
Bambang Sriyati. Kekarone marisi sipat lan budi luhure kang rama.
Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir Ratawu banjur ngendika marang Begawan
Manumayasa yen ngersakake mundhut putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang
Sekutrem, kinarsakake minangka jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara
sawadya kang ngunggahi Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata
panah aran Pasopati marang Bambang Sekutrem.

Sawise matur sendika, Sekutrem banjur methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang
kandheg ana jaba amarga gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening
Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane
kahyangan.

Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We
lha dalah! Kok iki para dewa mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para
dewa dhewe, kang padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi
yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.

Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung
Sekutrem. Ananging Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha
Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng sarosane, banjur
ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo titihane.

Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas, para manggalayuda, Arya Sarotama lan
Ardadhedali sawadya ngroyok Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning
dewa sing banget prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga
puliha.

Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu Kalimantara banjur malih dadi senjata
pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane para manggala uga dadi gegaman kang tembene
dadi pusakane Pandhawa.
Semoga artikel Prabu Kalimantara bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter