-->

Ads 720 x 90

Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana

Ana ing crita-crita pedhalangan –kejaba ing lakon Babad Wanamarta– jenenge paraga
wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa
lan Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para
jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa
Mertani alias Alas Wanamarta.

Lakon kasebut, sing kalebu lakon carangan, versine sajake ora mung trima siji loro.
Minangka conto, pambabade alas sing sateruse dadi negara Amarta utawa Batanakawarsa
utawa Indraprastha kuwi ana sing nyritakake yen sing mrentahake iku Pabu Duryudana,
ratu Astina. Pamrihe ora kok dimen Pandhawa bisa duwe nagara, nanging supaya
Pandhawa sirna dimangsa sato wana galak utawa jim setan peri prayangan. Jalaran Alas
Mrentani ngono kondhang gawat keliwat-liwat, wingit kepati-pati.

Crita liya, sing ndhawuhake mbabad alas wingit kuwi Sri Bagendha Matswapati, raja
Wiratha minangka tandha panarima marang lelabuhane Pandhawa mbengkas reruweting
praja. Nalika mbabad alas kuwi, Pandhawa uga dibantu dening wadyabala Wiratha.
Intine lakon Babad Wanamarta iku salah sijine ngene: alas werit sing nedya kababat
mau, kraton kajiman kebak brekasakan. Tetunggule jim cacah lima, sing jeneng-jenenge
biasane dicritake kadidene: sing pembayun jim Prabu Yudhisthira, panenggake jim Arya
Dhandhun Wacana, panengah jim Raden Dananjaya, uga sok ana sing nyebutakake jim
Kumbang ali-ali. Warujune jim Nangkula-Sadewa.

Nalika Alas Mrentani wiwit dibabad Bratasena, jim Dandhun Wacana duka yayah sinipi,
prentah marang kabeh andhahane supaya ngrangket Bratasena. Bratasena banjur
dijalasutra nganti ora bisa ngglawat. Isane mung kari sambat-sambat ngundang Permadi.
Nalika iku Permadi kang diutus ngupadi Sena, sawise sowan Begawan Abiyasa, winisik
murih marang pratapan Pringcendhani, ketemu pendhita ula gedhe Begawan Wilwuk.
Ana kono pinundhut mantu kadhaupake karo putrine sing sesilih Endang Jimabang, lan
pinaringan pusaka lenga jayengkaton, sing kasiate bisa kanggo meruhi kabeh alaming jim
setan peri prayangan.

Saka Pringcendhani, Premadi nerusake laku. Tekan Alas Mrentani krungu sesambate
ingkang raka. Merga wis nggadhuh Jayengkaton, Permadi uninga yen Sena lagi kerangket
ing jalasutra, banjur diuwalake saka bebandan, lan dicaosi lenga jayengkaton.
Sawise bisa weruh alaming lelembut, Bratasena genti nglabrag setan brekasakan sing
ngreridhu anggone babad alas. Kabeh jim setan kaprawasa, padha lumayu marang ratugustine.
Sabanjure jim Prabu Yudhisthira sasedulur masrahake kratone marang Pandhawa
sakadang. Jim Prabu Yudhisthira manunggal sajiwa marang pambareping Pandhawa. Jim
Dhandhun Wacana nunggal sajiwa karo Bratasena sing wiwit kuwi asmane uga banjur
nunggak semi karo jenenge manggalaning jim Alas Wanamarta iku. Jim Kumbang Ali-ali
manunggal karo Permadi, lan jim Nangkula-Sadewa manunggal karo si kembar
warujuning Pandhawa.

Wayang Arya Dhandhun Wacana iku, sing gagrag Jogja apadene Solo, wujude pancen
memper karo Werkudara. Bedane, ing gelunge Dhandhun ngagem pasren garudha
mungkur. Kampuhe biasane parang rusak, dudu poleng bang-bintulu, lan ora duwe kuku
Pancanaka.
Semoga artikel Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter