-->

Ads 720 x 90

🎁 Spesial buat pengunjung Mengenal Budaya Jawa, akan ada yang spesial dalam 5 detik...

Busana Raden Werkudara (Bahasa Jawa)

Cerita Wayang dalam Bahasa Jawa : Busana Raden Werkudara - Kocapa RadĂšn Arya Warkudhara cancut taliwĂŽnda, cancut cincing taliwĂŽnda cawĂȘtan. Angrasuk busana, apa busanane RadĂšn Arya Warkudhara, gĂȘlung minangkara, cundhuk mas rineka jaroting asĂȘm. Sumping pudhak sinumpĂȘt. Tinatah balibar manggis. Anting-anting tunggul maniking toya, kalung nagabĂŽnda, gĂȘlang cĂŽndrakirana. Dodot polĂšng bang bintulu, lancingan cindhe puspita, kinancing grudha kancana, porong wastane. PangagĂȘmane RadĂšn Arya Warkudhara, kinarya pratĂŽndha duwe tĂȘgĂȘs dhewe-dhewe:


1. GĂȘlung minangkara, ĂšndhĂšk ngarĂȘp dhuwur buri, pranyata sinatriya bisa minta aksama, waspada lungguhing kawula gusti, kĂȘna sinĂȘbut jalma patrap. Mila wiwit timur dumugi samangke durung tau sinaru ing sapadhane.

2. Cundhuk mas rineka jaroting asĂȘm. RadĂšn WrĂȘkudara tĂȘka wuwuh kajarotane, kabĂšh titahing dewa padha wĂȘdi lawan asih.

3. Sumping pudhak sinumpĂȘt. Tinatah balibar manggis. Pranyata RadĂšn Arya Warkudara mung anindakake sabĂȘnĂȘre, bisa nyumpĂȘt basa ala lan bĂȘcik, wong kang ala dĂšn alani wong bĂȘcik dĂšn bĂȘciki, jaba jĂȘrone padha, jaba 5 jĂȘro 5.

4. Anting-anting tunggul maniking toya, pranyata RadĂšn WĂȘrkudara sukci panggalihe, mung nganggo sabĂȘnĂȘre. Cuplak andhĂȘng-andhĂȘng
yĂšn ora pĂȘrnah dununge cinukil binuwang tĂȘbih, bau kiwa bau tĂȘngĂȘn yĂšn ala sinĂȘmpal pribadi.

5. Kalung NagabĂŽnda, naga tĂȘtĂȘngĂȘr, bĂŽnda karosan. Pranyata Warkudara dadya panĂȘngran panĂȘnggaking Pandhawa, yĂšn mĂȘtu kanĂȘpsone, kabĂšh titahing dewa tan ana bisa ngĂȘmbari ing karosane.

6. GĂȘlang CĂŽndrakirana, cĂŽndra sasi, kirana sorot. Pranyata RadĂšn Arya Warkudara waspada sorot sirating dumadi, dadya cuplak andhĂȘng-andhĂȘnging bawana, sayĂȘkti tan kĂȘnaning pati, tanggal nom katon ĂȘnom, tanggal tuwa katon mĂȘjana. WrĂȘkudara uga bisa sirna, nanging sirnaning barĂȘng kalawan jagad. Besuk yĂšn wus jagad ginulung kari samrica binubut, ing kono sirnane WrĂȘkudara. YĂšn arĂȘp nyatakake mĂȘtua wayah bangun raina, tumĂȘngaa mandhuwur, sayĂȘkti wruh wayangane WrĂȘkudara, nganggrang ingaranan lintang BimasĂȘkti.

7. Kuku PĂŽncanaka, kuku kukuh pĂŽnca lima, kukune WrĂȘkudara lima sisih, padha dawane, nanging mung katon sawiji, luwih ampuh ingaranan kuku pĂŽncanaka. Pranyata WrĂȘkudara dadya suh pikukuhing Pandhawa lima. Kukunipun WrĂȘkudara mila ampuh dening Hyang Singa ingkang manuksma manggĂšn ing pĂŽncanaka. Pranyata sinatriya ing sadina-dina, tansah anggĂȘgĂȘm siyunge Sang Bathara Singa.

8. Dodot polĂšng bang bintulu, rikala Warkudara puruhita Hyang Ruci Dewa, antuk kanugrahaning jawata, anon cahya mĂŽncawarna, sigra inganggit kinarya busana, wĂȘrnane abang irĂȘng kuning putih, duwe tĂȘgĂȘs dhewe-dhewe. Abang marang kanĂȘpson, irĂȘng kalanggĂȘngan, kuning abyoring busana, putih kasukcĂšn.

9. Lancingan cindhe puspita kinancing grudha porong wastane. WrĂȘkudara tumitah ing ngarcapada, datan bisa mabur, nanging lumpate kĂȘna diĂȘndĂȘlake, sarta kĂȘna kinarya panĂȘngran ura-uruning praja, yĂšn kancikan parangmuka, sanadyan nagara ing Ngamarta kariya saiyubing payung, yĂšn garudha porong thinuthuk maksih angangkang, sayĂȘkti tan kĂȘnaning bĂȘdhah.
sumber : fb.me/bumiprabu
Semoga artikel Busana Raden Werkudara (Bahasa Jawa) bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter