-->

Ads 720 x 90

Sedhekah Bumi Perang Obor Desa Tegal Sambi Kabupaten Jepara


Nalika abad XVI M, ing desa Tegalsambi Tahunan Jepara ana petani kang sugih banget jenenge Mbah Kyai Babadan. Dheweke duwe kewan ternak akeh banget. Salah sijine kebo lan sapi. Kyai Babadan duwe rewang kanggo ngrumati kewan ternake, yaiku Ki Gemblong. Ki Gemblong iku wonge tekun lan rajin banget ngrumati kewan ternake. Esuk lan sore kewane mesthi diadusi ing kali lan dipakani terus, mula kewane padha lemu-lemu. Kyai Babadan seneng banget lan muji-muji Ki Gemblong merga dheweke tekun lan patuh.
Sawijining dina, Ki Gemblong angon kewan ternake ing pinggir kali Kembangan karo ndelok iwak lan urang sing ana ing kali mau. Ki Gemblong pengin nangkep iwak-ieak mau banjur tangkepane dibakar neng pinggir kali trus dipangan.

Kedadean iki dilakoni saben dina dening Ki Gemblong, sahingga dheweke lali karo kewan sing lagi diangon kang ngakibatake kewan ternak mau kuru-kuru banjur padha lara, malah ana sing mati barang. Kedadean iki nggawe Ki Babadan pikiran, banjur dheweke nggolek obnat kanggo kewan kang padha lara, nanging usahane sia-sia, kewan ternake tetepa padha mati.
Akhire, Ki Babadan ngerti kenapa ternake padha mati, sebabe yaiku Ki Gemblong wis ora gelem ngrumati kewan ternake maneh amarga dheweke luwih seneng nyekel iwak neng kali Kembangan.
Weruh kedadean iku, Ki Babadan nesu banget nalika weruh Ki Gemblong lagi seneng-seneng nyekel iwak neng kali. Ki Babadan banjur ngepruki Ki Gemblong nganggo obor sing digawe sangka plapah klapa. Weruh gelagat mau, Ki Gemblong ora meneng wae. Dheweke njupuk obor sing padha karo sing digawa Ki Babadan, banjur Ki Gemblong perang obor kari Ki Babadan. Genine tekan endi-endi, nganti mbakar tumpukan gabah sing ana ing sebelah kandhang. Kobaran geni mau ndadekake sapi lan kebo sing ana ing kandhang padha mlayu, kewan sing asale padha lara banjur waras dhewe.
Kedadean iku banjur ditampa masyarakat desa Tegalsambi, lan dianggep anane perang obor bisa ngusir penyakit. Nganti saiki, tradisi perang obor isih dilakoni masyarakat Tegalsambi saben ulang taune Jepara.


Semoga artikel Sedhekah Bumi Perang Obor Desa Tegal Sambi Kabupaten Jepara bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter