-->

Ads 720 x 90

Ringgit Purwa


WAYANG


Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking wewayangan ingkang sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning jagad tiyang Jawi udakawis abad kaping-11 rikala jaman Prabu Airlangga kados ingkang sinerat salebeting kakawin Arjuna Wiwaha, pada 59 ingkang suraosipun salebeting basa Kawi (Jawi Kina) mekaten ;



"Hanonton ringgit manangis asekel muda hidepan huwus wruh wruh towin jan walulang inukir molah angucap hatur  ning  wang  tresnèng wisaya malaha tan  wihikana ri  tatwanjan  maya sahananing bhawa siluman".
Tegesipun ;

"Mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun, sanajan sampun wikan bilih kang
dinulu namung lulang sinunggingan manungsa lankados saged tata jalma, ingkang mirsani wayang (ringgit) kados déné tiyang ingkang kataman hardaning kanepson satemah kesupèn, lan boten nginten bilih sedaya kalawau namung wewayangan ingkang maya."
Mula bukanipun wonten wayang ngantos dinten punika taksih kirang terwaca awit kathahipun sarjana-sarjana  mancanagri  ingkang  ngawontenaken  panalitèn  bab  asal-usulipun  wayang  satemah kathah pemanggih antawisipun kadosta ing ngandhap punika ;
1.   Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking hindustan, pranyatan                   punika    dipunjalari     kaliyan    wontenipun    tetembungan    Sansekerta     Cyanatk (Chayanataka) ingkang tegesipun wewayangan ingkang kinanthi dolanan. Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras,ngendikaaken bilih wayang punika asal-usulipun saking tanah India.
2.   Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking Tiongkok, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Ying-hé ingkang mengku teges wewayangan mawi dolanan, ugi wonten tetembungan malih bilih wayang punika saking tetembungan basa Cina wayaah, basa Mandarin woying lan basa Kanton woyong. Pramila saking punika Gosling lan Kwee Kek Beng nggadhahi pemanggih bilih wayang asalipun saking Tiongkok.
3.   Golonganipun sarjana manca ingkang  ngendikaaken bilih  wayang  punika  asli  saking  tanah Jawa, pranyatan punika dipunjalari maneka warna sebab antawisipun sejarah kasusastran Jawi ingkang sampun sepuh yuswanipun, ugiwontenipun tatacara tiyang Jawi kina ingkang pitados kaliyan roh arwahipun para luhur lajeng dipunsembah kanthi ndamel wewayanganipun. Wondéné sarjana manca ingkang nggadhahi pemanggih mekaten kadosta Brandes, Hazeu, Rentse, Kats lan Kruyt.


Saking pemanggih tigang perkawis ing nginggil mracihnani bilih wayang punika boten namung dipunmangertosi lan sinaoni déning tiyang Jawi kèmawon malah kepara para sarjana manca kathah ingkang kepéncut nyinaoni bab punika. Wayang punika wiwit saking dipunwontenaken ngantos dumugi dinten punika sampun kathah ingkang dipunowahi. Wondénécak-cakanipun wayang kados ing ngandhap
punika;

1.   Jaman Mataram kina, Kediri, wandanipun wayang taksih arupi gambar ingkang sinungging ing  lulang,  wondéné  cariyosipun  mendhet  cariyos  saking  lampahan-lampahan                         para pepundhèn lan leluhur tiyang Jawi.
2.   Jaman Majapahit, wandanipun wayang taksih sami kaliyan jaman Mataram punapadéné Kediri  namung  sampun  langkung  pepak  gegambaranipun,  cariyosipun  kathah  mendhet saking lampahan Panji.
3.   Jaman Demak, wandanipun wayang sampun dipunukir kadosdéné wayang-wayang jaman sakpunika. Ingkang dipunwiwiti déning para wali.
4.   Jaman  Mataram  Islam,  Kartasura,  Surakarta  lan  Ngayogyakarta,  wandanipun  wayang sampun pepak kados ingkang saged dipunpirsani ngantos dumugi sakpunika.


Saklajengipun jinising wayang lan lampahan ingkang ginelar wonten pagelaran wayang ;

1.   Wayang beber, wujudipun lulang ingkang sinungging, mendhet lampahan cariyos Panji.

2.   Wayang  purwa,  wujudipun  lulang  ingkang  sinungging  lan  inukiran,  mendhet  lampahan cariyos Mahãbhãrata lan mãyana.
3.   Wayang  madya,  wujudipun  lulang  ingkang  sinungging  lan  inukiran,  mendhet  lampahan cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.
4.   Wayang golèk, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhetlampahan cariyos mènak menawi ing Jawi lan Mahãbhãrata menawi ing tanah Pasundan.
5.   Wayang kancil, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi gegambaran sato kéwan. Mendhet lampahan cariyos para kéwan.


Saking jinising wayang ingkang sinebut ing nginggil kalawau namung wayang purwa ingkang kathah  dipungandrungi  déning  tiyang  Jawi,  wayang  punika                 mendhet  lampahan  saking  babon Mahabharat lan mãyana ingkang sampun rinoncé déning para Pujangga Jawi satemah wonten bèntenipun kaliyan babon aslinipun ingkang saking India. Awit wayang punika rumiyin minangka salah satunggaling sarana dakwah para wali, pramila sarining cariyos India ingkang taksih mambet kaliyan Hindu  dipunkirangi  sekedhik  mbaka  sekedhik  ngantos  boten  ketingal  Hindunipun.  Babon  aslinipun ingkang saking India punika winastan kitab Mahãbhãrata lan mãyana, Mahãbhãrata punika salah satunggaling kitab suci tumrap tiyang Hindu India ingkang isinipun nyariosaken gumelaring jagad wangsa Brata ingkang dipunwastani pandava lan kaurava ugi nyariosaken gumelaring perang ageng Brata Yuddha (utawi perangipun darah Brata) wonten ing cariyos punika kawontenanipun perang boten namung dipunjalari rebatannegari namung ugi minangka pralambang tedhakipun avatar Wisnu minangka Khrisna ingkang nedya nggulung kamurkan saha kliliping jagad lumantar Arjuna lan para Pandawa, Mahãbhãrata punika ugi sinebut Asthadaça parva awit wujudipun wonten wolulas bab, saking wolulas bab punika namung wolung parwa ingkang ngantos wekdal punika pinanggih sinungging mawi sastra Jawi kina antawisipun wolung parwa punika;


1.   Ãdiparwa,  nyariosaken  yajna  sarpa  (ngurbanaken sekabèhing  naga  saklumahing  jagad) déning  Raja Janaméjaya putranipun Prabu Parikesit buyutipun Arjuna. lan                         asal usulipun Pandhawa Kurawa ngantosdumugi dhaupipun Arjuna kaliyan Sembadra.
2.   Wirãtaparwa, nyariosaken lelampahanipun para Pandhawa ingnagri Wirata

3.   Udyogaparwa, nyariosaken lampahan kresna duta.

4.     Bhiçmaparwa, nyariosaken jumenengipun resi Bhisma minangka sénapatiperang Kurawa lanBhagawad Gita sarta perang ageng Brata Yuddha.
5.   Ãśramawãsaparwa, nyariosaken lampahan saksampunipun perang Brata Yuddha ingkang dipunmenangaken para Pandhawa.
6.   Mosalaparwa, nyariosaken lampahan sirnaning bangsa Yadu kawulanipun prabu Kresna.

7.   Prasthanikãparwa, nyariosaken jumenenganipun Parikesit minangka ratu ing nagri Astina.

8.   Swargarohanaparwa,  nyariosaken  sédanipun  para  Pandhawa  lan  kawontenanipun  ing

Jaman kelanggengan

Mekaten  ugi  mãyana,  menawsalebeting  Mahãbhãrata Wisnu  tedhak  ing  ngalam  donya minangka Khrisna salebeting Rãmãyana Wisnu tedhak ing donya minangka Rãmã ingkang kagungan jejibahan nggulung angkara murkanipun Rahwana ratu ing Aléngka.  Kitab mãyana wonten pitung kandha (bab) antawisipun;
1.   Balakãnda, nyariosaken lelampahanipun prabu Dasarata.

2.  Ayodhyakãnda, nyariosaken lelampahan alitipun mã ngantos sayembara Sintha lan dhaupipun mã kaliyan Sintha.
3.   Aranyakãnda, nyariosaken lelampahan mã, Sintha, lan Laksmana ing madyaning wana, lancariyos Rahwana nyulik Sintha.
4.   Kiskhindhyakãnda, nyariosaken lelampahanipun Subali lan Sugriwa.

5.   Sundarakãnda, nyariosaken lampahan mã tambak lan cariyos Anoman obong.

6.   Yuddhakãnda, nyariosaken lampahan perang antawisipun mã lan Rahwana (Dasamuka).

7.   Uttarakãnda, nyariosaken lampahan saksampunipun perang lan cariyos Sintha obong.


Punika warnanipun kitab kalih ingkang dados babon lampahan ringgit ing pagelaran wayang purwa Jawi, nanging sinaosa babonipun punika cariyos saking kitab kekalih sampun dipun entha lan ronce miturut raos Jawi ingkang sampun salin rasuk agama rasul inggih punika Islam ingkang dinakwah déning para wali sanga saking kasultanan Demak Bintara.
Wondene urut-urutanipun cariyos punika ngantosdados pakem ing pagelaran wayang purwa;

MAHÃBRATA                                                                             RÃMÃYANA




8 parwa ingkang sinebut ing nginggil


Kakawin Ramayana






Serat Bratayudha


Serat Pustaka Raja Purwa


Serat Rama Jarwa





PAKEM PEDHALANGAN RINGGIT PURWA


Ubaram salebeting pagelaran wayang purwa punika wigatos sanget awit lumantar punika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan tingali, wondéné ubarampénipun antawisipun;
1.   Layar/Geber

Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethakpinalipit  warni abrit utawi cemeng. panjangipun 12 mèter.
wiyaripun 1.5 2 mèter.

2.   Bléncong

suluh (cara kinanipun) deles kapuk    lenga klentik. Nanging sakpunika blèncong dipungantos mawi lampu bolam ( 200 W ).
3.   Wayang / ringgit wacucal

Piranti  baken  ingkang  kadamel  saking  lulang  titatah  lan  sinungging  utawi  ginambar  manut lakonipun.
4.   Cempurit piranti ingkang kangge nggapit wayang  kadamel saking sungu kebo.

5.   Simpingan kiwa lan tengen

Wayang ingkang tinancepaken  ing gedebogjèjèr - jèjèr minangka paès. Ingkang siring tengen Brataséna (wayang ageng ) ngantos dumugi   satriyan ( wayang ingkang alit ). Ingkang siring kiwa Buta Ratonngantos dumugi wayang alitan.
6.   Kothak wadhah wayang

Kothak kadamel saking kajeng ; Panjang          : 190 cm / 170 cm Wiyar       : 85 cm / 85 cm Kandel  : 12- 15 cm /12 cm
7.   Cempala asta ( saka kayu )

kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25 jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé ndhodhog kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga.
8.   Cempala suku

Wesi gligèn binubut éndah panjang 1/2 kilan ( jengkal ) jinepit ing jempol suku kanggé nuthuk keprak.
9.   Keprak ( saking wesi )

10.Niyaga lan Pesindhèn

Tukang   nabuh   gamelan   cacahipun   wonten   12   –   15   tiyang   utaw langkung   ndhèrèk kabetahanipun.
Pesindhèn / waranggana ingkang nglaras tetembangan.

11.Gamelan

Gamelan ugi dipunwastani gangsa, punika piranti ingkang kanggé ngiring lampahanipun ringgit. Wondéné gamelan punika wonten kalih warnanipun;
a.   Gamelan Sléndro b.   Gamelan Pélog
1.   Ricikan Gamelan baku ( kedah wonten )
 Kendhang :




 









 Gambang
 Slenthem



 Demung lan saron sarta peking

 Bonang barung














 
 Kenong




 Kempul lan gong

2.   Ricikan tambahan
 Suling




 
 Rebab




Wayang purwa Jawi, ingkang mendhet lampahan cariyos saking babon kitab Mãhabhãrata lan Rãmãyana Sansekerta India, nanging wiwit bedhahipun kraton Majapait lan adeging kraton Demak, cariyos Mãhabhãrata lan mãyana punika sampun dipunéntha malih déning para Wali lan pujangga Jawi satemah dados cariyos habhãrata lan mãyana versi Jawa ingkang sampun bènten kaliyan versi aslinipun ingkang saking India, awit wayang kanthi cariyos Mãhabhãrata lan mãyana punika kadamel dakwah Islam déning para Wali ing Tanah Jawa. Ing ngandap punika sarasilahipun Pandawa lan Kurawa manut versi India lan versi Jawa ;


SARASILAH KAURAVA lan PANDAVA (INDIA)

Puru
Dushamanta
YADAVA                                                        BHARATA

Hasti


Kuru


Gangga                 +                         Santanu              +       Satyavati       +          Parashara


Bhishma                   Chitrangada                                   Vyasa

Ambika          +         Vichitravirya          +     Ambalika

(Vyasa)



Vasudéva              Kunti………………………….Kunti       +          Pandu         +        Madri

Gandhari      +      Dhritarashtra


Balarama           Krishna      Subhadra


Kaurava            Yudhisthira  Bhima  Arjuna  Nakula  Sahadéva
(Duryodhana & 99 rayinipun)

Abhimanyu


Pariksit


Bangsa Yadava musnah                                                                         Janamejaya


SARASILAH KURAWA LAN PANDAWA (JAWA)




Bathara Guru

Brama                                               Wisnu


Bremani…………..+……………Déwi Srihunon





Basurata (Wirata)




Parikenan                                                                              Basupati

Manumayasa

Sekutrem                                                                              Basukesthi

Sakri                                                                                 Basukiswara



Parasara………….+…………………Durgandini                               Durgandana




Ambika….+…… Abiyasa (Kresna Dwipayana)…..+…..Ambalika


Drestrarastra+Gandari                Kunti...+... Pandu…………..+……….Madrim


Kurawa                                        Pandawa
(Duryodhana lan 99 rayinipun)


Yudistira    Werkudara    Arjuna         Nakula      Sadéwa


Abimanyu Parikesit Janamejaya




Pustaka :

Carita, Dwijo P, 2000. Ringkasan Pengetahuan Wayang. Solo : Penerbit Cendrawasih. Marwanto & Moehanto, Budhy. R, 2000. Apresiasi Wayang. Surakarta : Cendrawasih.
Purwaka, W.Dkk. Tanpa Tahun. Sekar Rinonce ; Kawruh Basa Jawa. Surakarta CV. Cendrawasih. Sujamto, 1992. Wayang dan Budaya Jawa. Dahara Prize. Semarang : Effhar Offset.
Susilo, Bambang.Dkk, 1994. Senang Wayang 1. Semarang : Media Wiyata.

Zoetmulder, P.J. 1994. Kalangwan : Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Penerjemah, Dick Hartoko. – Cet. 3. Jakarta : Djambatan.
Semoga artikel Ringgit Purwa bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

There is no other posts in this category.

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter