-->

Ads 720 x 90

MASJID TINGGALANE SUNAN KALIJAGA ING DESA JATIREJO


 
Ora akeh sing ngerti yen sawijining masjid tinggalane Sunan Kalijaga sing ana ing desa cilik Jatirejo. Desa Jatirejo kuwi dumunung ing kecamatan Susukan, kabupaten Semarang. Masjid iku jenenge Masjid Baiturrohim. Konon dibangun dening sSunan Kalijaga in taun 1914 M.
Ceritane, sawijining dina Sunan Kalijaga lan Sunan Gunung Jati singgah ing sijining dhaerah. Sunan Kalijaga duwe karep arep bangun masjid ing dhaerah iku. Nalika Sunan Kalijaga lan Sunan Gunung Jati lagi golek panggonan sing apik kanggo ngadekake masjid. Sakwise wis nemokake panggonan sing apik ing kana malah ana wong lanang sing lagi ngewurake winih jagung.
Nanging sing ora bisa dicandak dening nalar winih jagung iku thukul dadi wit jati. Wiwit iku panggonan iku diceluk Jaten lan dhaerah sak sisihe diceluk Desa Jatirejo. Sing artine Jaten sing ayem tentrem, masyarakate makmur lan ora kurang sandang pangan.
Sakdurunge ngadekake masjid iku, Sunan Kalijaga ngejak tokoh masyarakat sakperlu rembugan. Panggonan kanggo rembugan iku ana ing Balai Panjang. Masyarakat percaya yen rembugan iku dianaake ana ng dina kemis pahing. Lan syukurane dianakake sesukke. Yaiku jumat legi. Mulakna wiwit biyen tekan saiki saben dina jumat legi dianaake syukuran lan dianggep dina kramat
Kala jaman dhisik masyarakat duweni tradisi yen duwe anak utawa sedulur sing lara, diajak neng Balai Panjang lan ditukokake jajan pasar ing kana. Banjur ndak wis mulih tekan omah larane iku wis mari.
Sakliyane iku uga ana crita yen jaman dhisik ana muadzin yen adzan bisa krungu tekan adoh banget sinaoso ara nganggo speaker. Sakwise muadzin iku seda, piyambake dimakamke ing sakcedake masjid. Tekan saiki makam iku esih rame diziarahi dening masyarakat sakperlu njaluk kaberkahan lan dongane bisa ijabah.
Amarga masjid Baiturrohim iku wis tuwa umure, masyarakat wis nganaake pemugaran marang masjid iku. Akeh hal-hal mistik sing wis kedadean ing masjid iku. Salah sijining tinggalane Sunan Kalijaga iku saka cagak ing sajerone masjid.


Semoga artikel MASJID TINGGALANE SUNAN KALIJAGA ING DESA JATIREJO bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter