-->

Ads 720 x 90

GUSTI KANJENG RATU PEMBAYUN



Gusti Kanjeng Ratu Pembayun ziarahe Ratu Pembayun. Wajah Gusti Kanjeng Ratu Pembayun katon sumringah, akhire makam sing digoleki wis ketemu. H. Nieko sing dadi bojone katon lega lan semangat. Gusti Pembayun cerita marang Nieko, makam sapa sing diziarahi. Kemis sore iku, mangkat saka kraton kilen, Gusti Pembayun lan H. Nieko niat ziarah leluhur sing jenenge dikanggokake wong loro mau kanggo nyuwun pangestu.
“Iki makam Kanjeng Ratu Pembayun,” omonge putri sulung HB X.
“Banjur sing ing sisehe iki sapa?” takon Nieko
“Iki abdi kinasihe.”
 “Apa?”
“Abdi cedhake?”
“Oh, sekretaris pribadhine?”
“Ajudane,” tambah Gusti Pembayun
            Sang Sekar Kedaton banjur jelasake sapa Ratu Pembayun.
“Ratu Pembayun puteri sulung Panembahan Senopati. Garwane yaiku
Ki Ageng Mangir, sing mau makame kita sowani. Ki Ageng Mangir yaiku musuh Panembahan Senopati. Nalika Ratu Pembayun iku diutus dadi ledhek kanggo mikat Ki Ageng Mangir banjur diwenehake marang Ki Ageng Karanglo sing duwe ide, kepriye naklukake Ki Ageng Mangir. Beliau dimakamna ing kene,” ngendikane Gusti Pembayun HB X.
            “Nanging, kowe ora perlu kaya ngana kan?” ngendikane Nieko karo nyusul lungguh ing sisihe Gusti Pembayun. Wong loro kuwi  mau banjur ndonga.
Makam Kanjeng Ratu Pembayun, putri sulung  Panembahan Senopati ana ing komplek makam Ki Ageng Karanglo. Makam kuwi mau rong kilo saka wetan makam raja-raja Mataram. Beda banget karo makam raja-raja liya sing katon dirawat apik, komplek makam iku sedherhana. Pemakaman kuwi dadi siji karo pemakaman umum. Ing dheretan dhuwur mung ana rong nisan, sing didadekake siji karo sebidhang jubin keramik putih. Makam Ratu Pembayun ana ing sisih kulon lan makam abdi kinasihe Nyi Aditjara ing sisih wetan bagian ngisor nisan mau ditutupi kain mori. Pertandha dikeramatakake marang wong-wong sing paha ziarah. Ing ngisor makam iku ana makam liyane sing wis tuwa, katon ukuran saka nisane dawa lan gedhe. Ditiliki saka ukuran nisan Ratu Pambayun lan abdine, makam kuwi mau durung suwe dipugar.
            “Ruimiyin Kanjeng Ratu Pembayun mboten kersa dipun sekar,” ngendikane Ny. Among Arja Subaga, abdi dalem keraton kilen sing melu ziarah, (biyen Ratu Pembayun ora gelem dipasangi nisan).
Juru kunci makam Ki Ageng Karanglo, Panewu Surakso Ismail marang Bernas nuturake miturut carita sing dheweke oleh saka leluhure sing dadi juru kunci makam, Ki Ageng Karanglo kuwi mau salah sijine penasehat Panembahan Senopati, wektu Panembahan Senopati angel naklukake Ki Ageng Mangir, Ki Ageng Karanglo duwe gagasan kanggo ngalahake Ki Ageng Mangir. Carane, putri sulung Panembahan Senopati diutus dadi ledhek kanggo mikat Ki Ageng Mangir.  Amarga padha senenge, lorone akhire kawin. Ora ana alesan Ki Ageng Mangir kanggo ora sungkem marang mertuane, sing ora liya mungsuhe. Wektu iku Ki Ageng Mangir mati ing ngarep Panembahan Senopati, Ratu Pembayun lagi meteng.
Miturut Surakso Ismail, Panembahan Senopati duwe karep mateni keturunane Ki Ageng Mangir kabeh. Nanging, saka Ki Ageng Karanglo niat kuwi bisa dicegah. Amarga mateni jabang bayi berarti mateni Ratu Pembayun.
Weling Panembahan Senopati, yen anake lahir mengko, kudu dipateni supaya ora dadi musuh ing keluargane. Akhire Ratu Pembayun didadeake triman (wong sing ditakake saka kraton, diwenehake wong kanggo diasuh utawa didadeake bojo) lan diwenehake marang Ki Ageng Karanglo.
            “Ratu Pembayun menika banjur dijodohake karo putrane Ki Ageng Karanglo wektu iseh meteng,” ngendikane Surakso Ismail.
    Miturut Surakso Ismail, sejarahe dihapus supaya mungsuh Kerajaan Mataram bener-bener tuntas.
Salah sawijining abdi dalem makam nuturake, makam Ratu Pembayun kuwi ono ing Karanglo. Nanging iku mung tipu muslihat wae, ana muatan politise. Ana ing kono digawekake lan diresmiake dadi makam Ratu Pembayun. Ratu Pembayun pindah lan ganti jeneng, nganti ora ono jejake. Surakso Ismail dewe ora ngandakake, kapan ratu pembayun mati lan ana ngendi anake sing dikandung.
            “Sing tak ngerteni, garwo lan anak-anake Ki Ageng Karanglo dimakamkeana ing Prambanan,” ngendikane Surakso Ismail sing saben Kemis lan Jum’at buka lawang makam kanggo menehi kesempatan sapa sing pengen ziarah ana ing makam Ki Ageng Karanglo lan Ratu Pembayun.”

Semoga artikel GUSTI KANJENG RATU PEMBAYUN bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter