-->

Ads 720 x 90

PATILASAN JARAN SEMBRANI

Mitos Saking Kedu

Ana ing desa Ketangi, kecamatan Kaliangkrik, kabupaten Magelang. Ana ing kedhung desa ketangi kang biasane digunakake masyarakat, ana watu ing sapinggire kedhung mau masyarakat sakiwa tengene percaya petilasan jaran ing watu kuwi tapak jaran sembrani. Miturut crita sesepuh desa nyeritakake menawa ana jaran duwe suwiwi napakake sikile ning watu. Crita crita saka masyarakat menawa jaman biyen jaran sing bisa mabur kuwi lagi leren ngombe ana ing sapinggire kedhung, ananging kaget amarga ana pawongan kang ngonangi weruh jaran senbarani kuwi, saka kagete jaran sembrani mabur lunga lan salah siji sikile njejak watu nganti napak. Pancen bener bisa dibuktikake anane patilasan jaran sembrani mau kuwi, amarga ana tapak jaran ning watu jerone kira kira 2 cm. Masyarakat sakiwa tengene uga percaya menawa patilasan jaran sembrani kuwi mujarab. Biasane menawa ana sing duwe ana cilik durung bisa mlaku banjur di jak ning petilasan jaran sembrani, bocahe dikongkon ngidak idak watu petilasan tapak jaran sembrani. Nanging pancen mujarab bocahe ora let sedela bisa mlaku thimik thimik, kuwi bisa dibuktikake amarga ana ing kono masyarakat sakiwa tengene asring nggowo anak cilike yen durung bisa mlaku menyang patilasan jaran sembrani. Nanging kabeh kuwi mung kapercayan lan anane crita saka masyarakat. Tekan seprene jarene masyarakat ana ing kana jaran sembrani mau isih asring ngetok ning sekitar kedhung anggone napak ana ing watu kuwi. Amarga akeh sing weruh, biasane jaran sembranine ngetok wayah surup. Crita kaya ngono kuwi bisa dipercaya bisa ora.
Semoga artikel PATILASAN JARAN SEMBRANI bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter