-->

Ads 720 x 90

KANGGO SING RUMANGSA

Dening Yoni Ahmad

Semarang, 13 Desember 2006


Ana wong sing sok-sok kuwasa

Mrentah-mrentah kaya wong gedhe

Nesu-nesu sak karepe




Karo wong sing ora nduwe

Ngepek barang kaya-kaya dhuwekke dhewe


Mangka ngerti wae ora



Sok-sok ngatur liyane

Kabeh sing ning ngarep mripate

Perkara kudu bubar ora suwe

Thenguk-thenguk ing tengah awe

Ning ngarepe sing cilik sok kuwasa

Sok rekasa ning ngarepe sing gedhe

Mloya-mlayu mrona-mrene

Ora ngerti apa ubekke

Sing penting katon seje

Nek pas ora ana sok sulaya

Tumindhak miturut udele

Nistha-nistha nganti semene

Kapan padha sadare.
Semoga artikel KANGGO SING RUMANGSA bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter