-->

Ads 720 x 90

MERGA RADIO

Dening Yoni Ahmad
“Teeeettttt…………..!”
Suwara bel sekolah seru sanget, nggawe cumpleng kuping. Kuping rasane kaya dicubles-cubles dom dondom. Bel-bel sing dipasang saben pojokan kelas kuwi pancen  dadi pratanda penting ing sekolahan. Saben wayah mlebu sekolah, ngaso, lan pas mulih sekolah bel kuwi tansah ngebaki kuping. Nalika krungu suwara iku aku isih ana ing njaba gerbang pager sekolah. Rada adoh, aku lagi nata rante sepedahku sing lagi los. Rantene nyepit ing gir. Rante tak osak-asik nganggo tangan tengen nganti tangan iki ora antra gopak gemuk lan oli. Sinambi ndelengi bocah-bocah kang padha mlayu mlebu gerbang aku terus-terusan ngothak-athik sepedhahku.

“Jar, ayo ndang!” ajake kancaku sing nembe liwat.
“Ya, ndang mangkata sik! Aku tinggalen ae!” saurku.
Kemebul awu dadi bledug, klilibe ora dak rasa, klambi kebak aku ora tak pikir. Kringet ning awakku wis kaya prenthulan jagung, ngebaki awakku. Pancen SMP-ku iki ning pesisir, lumrah nek hawane panas. Srengene nggawe geseng awak iki. Wis meh rong tahun aku nyepedhah nek pas mangkat sekolah. Awak iki rupane nganti kaya angus. Aku nek ngingeti foto kertu OSIS-ku malah kudu ngguyu dhewe, cilik wonge, ireng geseng kaya turis saka somalia.
Saben aku mangkat sekolah nggawa sepedhah tuwa lelesane bapakku sing dienggo nalika cilikane. Sepedha sing tak olahi pidale diongkok sithik langsung los nyepit. Dadine mangkat sekolahe kudu esuk-esuk. Sing biasane aku mangkate bareng kanca-kanca setengah pitu tak esuki jam nem. Nanging gara-gara kuwi aku disengiti karo kanca-kancaku, ora kompak lah, ora kanca lah. Piye maneh, sanajan mangkate bareng, mesthi aku sing bakal keri ing mburi. Ibarate kancil dimusuhke karo keyong. Mangkat esuk bisa nggawe aku nyepedah rada ayem lan ora kesusu. Mung saben dina senin, rebo, karo setu aku rada awan amarga ngrewangi emakku ndhisik nggawani barang ning pasar. Nganggo klambi biru-putih aku mboncenke barang sak kerdus gedhe. Dasare wonge cilik, diingeti saka mburi kaya kerdus lan sepedhah mlaku dhewe. Rampung kuwi mbaleni maneh nggawa krupuk sak plastik gedhe, luwih gedhe tinimbang kerdhus mau nanging entheng. Janjane aku ya pengen sepedhah sing apik, pengen bisa mangkat gasik. Nanging kahananku sing kayak ngene aku ra bisa ngapa. Sing penting aku bisa sekolah.
Ora krasa anggonku ngothak-athik rante karo gir, tak cuthik ngango gagang wit lamtara rantene bisa ucul. Rante tak pasang, pidal tak olahi, langsung aku rikat mara ing parkiran bablas mlebu kelas. Kanyata ing njero kelas wis ana pak Jono, arep ndelik wis kadhung mbedungul sirahku. Kepeksa mlebu wae.
“Lho, kowe maneh Jarwo? Mrene...mrene...!” pratelane pak Jono.
“Inggih pak!” saurku.
“Saiki kowe mlayua ngubengi plataran ngarep sekolahan iki ping telu, rampung kuwi ngadega ning ngarep kelas limalas menit!
“Nggih pak, kula lepat lan kula sedya diukum!
“Wis ndang, ndang rampung ndang melu pelajaran!”
“Nggih pak!”
Pak Jono nganti apal karo jeneng lan raiku amarga aku kerep telat. Pak guru bahasa Indonesia sing nduwe jam esuk-esuk terus iku wis nganti bosen ngukum aku. Apa maneh nalika biyen aku mangkat bareng kanca-kanca, aku tekan sekolahan setengah wolu sangu kringet lan gemuk langes ing tanganku.
Aku mlayu ngubengi lapangan upacara sing amba kae dhewekan, kaya wong golek wangsit. Sepatuku iki nganti mangap-mangap ngelih pengen kelebon sega. Panas-panas mlayu ing plataran sing amba nggawe siraku nggliyer, mubeng-mubeng kaya jontro. Dadi kelingan ngendikanipun Pak Jono nalika ngemutke aku.
“Jar, jane kowe kuwi klebu bocah sing pinter. Bijimu apik-apik, tugas ya nggarap terus, ya alhamdulillah entuk sepuluh besar terus. Eman-eman nek kowe telat terus kepinteranmu kalah pamor karo anggonmu telat.” Pratelane Pak Jono
“Inggih pak!”
Menawa ae aku pinter gara-gara aku sabane ning perpus saben jam-jam ngaso, ora tau saba kantin kajaba nek pas dijak kanca lan nek pas olah raga. Sanguku sekolah sing limangatus rupiah kuwi mung oleh es lilin, permen jahe papat, karo gorengan. Biasa tak jajake telungatus sing rongatus tak simpen, aku pengen tuku radio. Radio bisa nggawe aku ngerti apa-apa sing durung tak ngerti. Kajaba maca ning perpus aku mung bisa maca nek pas sekolah. Aku pengen ngerti akeh, ndonya iki amba.
Rampung mlayu, ngadeg ngarep kelas, banjur aku linggih ing kursiku nomer telu saka mburi. Pancen formasine bocah wadon manggon ing ngarep nalika sakmana. Aku njupuk buku tipis langsung tak kibas-kibaske ning awakku, aku butuh angin.
Ora krasa suwara bel wis muni maneh,
Siap grak, berdoa mulai!” suwara ketua kelas nyiapke.
Wal asri innal insaana lafi khusrin. illal lazina aamanu wa aamilus saalihaati watwa sau bil haqqi watwa sau bis sabr.” Murid-murid ndonga bareng.
Gemrudug bocah-bocah padha metu saka kelas, mbedhal dhewe-dhewe. Ana sing padha njupuk sepedhahe, ana sing padha nyegat angkutan lan bis, ana sing dipethuk bapakke, uga ana sing tongkrong-tongkrong ning warung ngarep sekolahan ngenteni sore nembe balik ngomah. Bocah lanang-wadon kemruyuk kaya semut, akehe pol. Kelas-kelas ing sekolahku nganti “G”,  ana pitung kelas saben angkatan, lumayan akeh. Plataran sing mau tak enggo mlayu saikine dadi kayak gurun, kebak bledug lan awu.
Rampung jupuk sepedhah ning parkiran aku bali barenga kancaku, kanca sing kerep dolan ning perpus bareng. Sekolah mara omahku adohe rolas kilo. Wis adoh, panas, ning kiwa-tengen arang kadang omah desa. Anane mung omah bata, karo wong-wonge sing lagi padha nggawe bata. Ana sing ngedhug lempung karo rambut gabah, ana sing nyithak bata, ana sing ngangkati bata ing trek. Sedawane dalan akeh banget rambut-rambut gabah sing semeleh nggunung ana ing pinggir-pinggir dalan, nggawe plekik nek pas ana angin. Amarga kerep diliwati trek sing momot bata, dalane dadi ora antra bentuke, apa maneh nek bar udan. Jogangan-jogangan isi watu, ratan sing watune padha mrithili nggawe sepedhah iki kaya numpak kapal. Pitung kilo mengarep dalan wis mendhing alus. Nanging ning kiwa-tengen tetep isih sawah anane. Bocah-bocah sekolah padha nyepedah bareng-bareng. Kanca-kanca sing biasane sakrombongan wis padha adoh ning ngarep, aku ning mburi karo kancaku mau. Padha irenge, padha cilike, padha akure.
“To, aku pengen banget nduwe radio ik. Piye carane ya, aku ngumpuke dhuwit ora akeh-akeh ik.” Pitakonku ing Anto.
“Wah Jar, aku y gak ngerti ya! Aku dhewe gak nduwe radio! Saure Anto.
“Radio arep mbok enggo apa?” Anto nambahi takon.
“Ya akeh, aku pengen ngerti pengetahuan sing akeh, aku pengen informasi, aku ya pengen krungu lagune Stinky sambi leyeh leyeh. Aku butuh hiburan, mbunteli krupuk terus bosen nek mung thenguk-thenguk.”
“Ya nggoleh dhuwit!”
“Hemm...., kayake bisa iku. Tak pikire!”

“Glodhag-godhag........!”
Dumadakan sepedhahku nggloyor, rodhane atos. Kanyata sepedhahku kebanan, banne bocor amba kena watu sing lancip njur suwek amba.
“Wah repot ki, ban malah bocor. Ora sida tuku radio iki!” pratelaku
“Ya wis, sabar wae. Nek sabar mesthi ana dalane.” Aleme kancaku.
“Ah, y wis lah...., radio tak pikir engko. Sing penting sepedhahku sik, sing tak enggo sekolah lan lunga-lunga.
Sepedhah tak katrol karo kancaku. Aku mbonceng mburi kancaku, sepedahku tak cekel tangan tengan njur aku ngewangi kancaku ngolahi pidal sepedhahe saka mburi supaya ora kabotan. Setengah kilo akhire ana tukang tambal ban, aku lan kancaku nglerekke sepedhah ning kono.
“Wah iki kudu ganti ganti ban ki? Omonge tukang tambal ban.
“Wah pak, nek ditambak mawon boten saged pa? Takonku.
“Ora bisa, lha wong suwek ambane ngene!”
“Waduh, apes. Ya wis lah pak, ganti ban.”
“Pancen nasibmu Jar!” omonge kancaku.
“Iya ik, apppessss........”
Rampung nambal ban aku nerusake bali karo kancaku.
“Sabar Jar, nek jare bapakku wong sabar kuwi ditresnani Gusti Allah, mesthi diparingi dalan.” Aleme kancaku, Anto.
“Nek jare tanggane bapakku wong sabar kuwi subur. Hehehe...!” jawabku.
“Hayah, kowe ini pancen...! Nanging ya ana bener kayake.”
Jejagongan ora nyadhar wis arep tekan desaku. Desaku sing cilik, panas, angel banyu, nanging aku seneng bisa bisa lair ing desa iki. Ketiga karo rendheng kacekke mung sak jangkahan sikil. Kalen-laen ing pinggir sawah padha garing. Wong tani nek arep mbanyoni sawah ndadak kudu ndiselke banyu sawah kali ing pucuking desa, lumayan adoh. Kali sing biasane tak enggo adus karo kancaku nek umat ya asat banyune. Winginane wayah-wayah arep entek-entekan banyune aku karo kanca-kanca padha njenu iwak, ngubeg iwak entuk akeh. Saiki kaline mung kari sisa-sisa banyu karo tipak-tipak sikilku karo kanca-kancaku.
Ngerti kahanan sing kaya ngono iki, aku dadi nduwe pikiran adol banyu. Tekan ngomah aku ndang ngrampungake rutinitasku, ngrewangi emakku mbunteli krupuk. Emak sing nggoreng krupuk, aku lan simbah wadonku sing sing mbunteli. Jenenge krupuk goreng wedhi, ya krupuk bolong buntu, ya krupuk rantangan. Krupuk dibenteli telu-telu ning plastik. Krupuke pancen kothak-kothak gedhe, plastike kamot mung telu. Nalika kuwi bapakku lagi ning Jakarta, golek dhuwit dadi kuli bangunan. Dadi aku sig kudu ngrewangi emakku. Lamat-lamat aku krungu suwara radione simba lanangku. Campursari, lagune Manthou’s ngadhemke ati.
“Mak, aku pengen nduwe radio!” aturku.
“Ya piye ya, lagi gak ana dhuwit! Apa ngene wae, nek kowe sesuk entuk rengking tak tukokke?” Jawabe emakku.
“Wah, selak udan mak.”
“Kene, kae lho Likmu Parmi. Wingi njaluk tulung kon nggawa klapane ning desa sebelah, kon nyelepke ngko diopahi. Syukur mbok celengi bisa nggo tambah.” Simbahku ngendikan.
“Ooo...,ngaten?”
Rampung mbunteli krupuk, aku nyandah sepedhah karo glangse putih mara ning desa Kligung kulakan krupuk kanggo digoreng sesuk. Banjur sakrampunge iku jam telu sore aku nyandhak gligen wadhah banyu langsung wae njupuk banyu tak dol karo Likku wedok. Sepikul utawa rong gligen diopahi sewu. Jam papat aku mara ing griyane lik Parmi nyelepke klapa diopahi limangatus. Pirang-pirang dina tak liwati nanging dhuwit durung kumpul-kumpul. Ing ngarep plataranku ana kancaku liwat njur ngejak aku.
“Jar, kowe gelem melu aku ra?” pitakone.
“Ki, ngumpulke barang-barang amoh. Ning mburi-mburi omahe wong kae ake sing dibuwaki. Mendhing dijupuk, didol dadi dhuwit!”
“Wah, bisa iki.., bisa.”
Ngalor ngidul aku karo kancaku wong loro dadi tukang nggolek sampah, nggolek barang bekas. Atom-atoman sing wis pecah, gelas-gelas atom cilik wadah banyu, seng-seng lan barang sing katone bisa didaurulang tak jupuki. Ning mburi omah, garep omah, mburi ndadah, ing ngisor pring-pringan nganti ning kali tak parani.
Sawetara aku karo kancaku ndelengi ana ceret abang ning mburi omah. Nek kanggo kok diglethakke wae, nek amoh lha kok barange ya isih apik. Ora nggagas kuwi, aku karo kancaku asal njupuk. Kanyata ana isine, banyu tak iling ceret tak gawa. Ing pinggir omah dicegat wong.
“He.., he...., Ceretku arep mbok gawa ning ndi. Hayo, maling ya?” pitakone wong mau.
“Aku nemu ik mbak!” jawabku.
“Nemu..., nemu...! Nemu nek gundulmu klimis kuwi, gawa rene! Apa njaluk tak laporke polisi pa?”
“Ampun.., ampun.., ngapuntene mbak. Aku gak ngerti, barange gemlethak, tak kira ya ora kanggo!”
“Ya wis, gak apa-apa. Aja dibaleni!”
“Matur nuwun mbak.”
Syukur dina iki aku gak sida dilaporke polisi. Aku ora pengen nggawe kuciwa wong-wong omah nek aku nganti dikira maling. Pancen aku ora ngerti, dadi rumangsa ora salah. Sedina aku ngumpulake bekakas-bekakas ora kanggo entuk karo tengah glangse gedhe. Tak boncengke karo kancaku ing bakul rosok. Desane rada adoh tur dalane munggah medhun, ngentekake tenaga lan kringet. Mudhune nggelondor enak, munggahe nyurung merga kabotan ora kuwat ngolahi pidal. Ora sawetara suwe wis tekan panggonan.
“Iki wis ditimbang entuke limalas!” pratelane tukangane.
“Gak ah pak, biasane semene rolikurewu kok” saure kancaku.
“Gak isa ta, iki wis ditimbang ik!”
“Halah pak, tolong. Tak nggo mbayar sekolah!”
“Aah....., ya wis rong puluh ewu wae!”
“Ya wis pak, tur nuwun ya!”
“Iya, sekolah sing pinter!”
Dhuwit rong puluh didum paronan aku karo kancaku. Sepuluh ewu tak tambahi dhuwit simpenan saka ngangsu karo nyelep klapa akhire wis cukup. Dina setu sakwise mbantu emak nata barang dagangane aku mampir ning bakul radio. Aku ndang tuku, bali ngomah terus mangkat sekolah.
Akhire aku bisa nduwe radio, bisa ngrungokake ketoprak, berita, dangdutan, lan bisa krungu lagune Stinky. Pancen bener, nek wong sabar lan ana ngupaya mesthi ana dalane.

***
Semoga artikel MERGA RADIO bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter