-->

Ads 720 x 90

DUMADINE MASJID ADIPATI SINDUREJO

Ing Deso Jumo dhisik durung akeh warga sing manggon neng kono. Omah-omah iseh adoh-adoh antarane omah siji lan sijine. Desa Jumo sing rata-rata wargane agama islam, nanging jaman dhisik neng kono durung ana masjid. Jarene masjid kuwi biyen digawe dening Wali, nalika ana Wali sing lagi nggawe masjid mau ana salah sijine warga sing ngonangi. Banjur Wali mau langsung ninggalake masjid sing durung dadi kuwi. Mula masjid mau nalika jaman biyen durung sempurna.


Masjid Adipati Sindurejo wis atusan taun umure. Jeneng Adipati Sindurejo, yaiku dijupuk saka jenenge wong. Jeneng asline Patih Adipati Sindurejo, dheweke Patih saka Kraton Mangkunegaran (Kartasura). Critane diwiwiti nalika Adipati Sindurejo bisa tekan ana ing Desa Jumo. Nalika dheweke isih ing Kraton dheweke oleh tugas yaiku dheweke diasingake ing Jumo. Nanging sebenere Adipati Sindurejo duwe kekarepan kapengin urip dhewe, yaiku urip dhewekan adoh saka Kraton, mula kuwi dheweke nrima kahanan mau.

Adipati Sindurejo urip ing Desa Jumo kanthi tentrem, mbaur dadi siji karo masyarakat kono. Adipati Sindurejo ora suwe urip ing Desa Jumo. Dheweke akhire tinggal donya, ana ing sajeroning pengasingan mau. Adipati Sindurejo nganti ninggal ora ana sing niliki. Nanging sawise dheweke tinggal, ana pawarta tekan Keraton Mangkunegaran.

Adipati Sindurejo dimakamake karo warga Jumo ing buri Masjid Adipati Sindurejo, makam ing jejer-jejere dikanggokake dening kerabat-kerabate. Mula kuwi ana panggonan khusus ing makam sing jenenge Sareyan. Makam Adipati Sindurejo yaiku makam sing dikeramatake, masjid lan makam Adipati Sindurejo saiki wis didandani. Printah saka Kraton mangkunegaran yaiku nggoleki ing ngendi wae silsilahe kaluwarga Karaton Mangkunegaran. Pungkasane kepethuk Patih Adipati Sindurejo. Nanging nalika Adipati Sindurejo kepethuk wis awujud makam, banjur makam mau digawekake cukup utawa omah-omahan.

Makam Patih Adipati Sindurejo nganti saiki dikeramatake lan dinggo ziarah para warga lan kaluwarga saka Kraton Mangkunegaran. Saben wektu mesthi saka kaluwarga Kraton Mangkunegaran ziarah lan ziarah kuwi Mistis banget. Crita kuwi mau sing dadi asal mulane jeneng Masjid Adipati Sindurejo Jumo.
Crita liyane sing ana ing Masjid Adipati Sindurejo, crita ing ngarep Masjid, yaiku ing kolah utawa panggon kanggo wudhu. Ana sing jenenge Kyai Poleng. Kyai Poleng wujude ora ketara sing ketara yaiku mung rupa awak gedhe dhuwur. Senenge lungguh neng dhuwur kolah, nalika wayah wengi teka, Kyai Poleng ngetok neng dhuwur kolah, arep nggodhani wong-wong sing lewat neng ngarep kolah utawa neng ngarep Masjid. Ana salah sijine warga yaiku Pak Nur Khamdi, pengurus Masjid Adipati Sindurejo, nalika dheweke turu neng jero Masjid dheweke ngalami kedadean aneh.

Kedadean aneh kuwi teka ing tengah wengi, nalika Pak Nur turu dheweke dipindhah panggon turune, yaiku neng dhuwur kolah. Sing ngalihake turune yaiku Kyai Poleng.
Nalika Pak Nurkhamdi tangi dheweke kaget, “Lho kok turuku pindhah neng kene?“
Nanging dheweke banjur sadhar menawa sing mindhah dheweke ora liya kejaba Kyai Poleng. Pak Nurkhamdi kerep turune dipindhah neng jero Masjid kono, apa maneh menawa dheweke lagi turu dhewekan luwih-luwih turu neng baris nomer telu.

Adipati Sindurejo arum jenenge, gedhe baktine, marang Kraton Mangkunegara. Mula kuwi ing Desa Jumo Adipati Sindurejo akeh banget kanggone. Putra Sindurejo, jeneng pakumpulan bocah Bal-balan. Putra Sindurejo wis ulang taun ping telung puluhan, Putra Sindurejo kerep diundang ana ing turnamen Bal-balan antar klub. Ana acara-acara ritual ninggalake sragam ing buri Masjid Adipati Sindurejo.
Jeneng liyane sing asale saka jeneng Adipati Sindurejo, Madrasah Ibtidaiyah Adipati Sindurejo Jumo. Sekolah swasta satingkat SD, sing dijenengi nganggo jenenge patih mau, ora mung kuwi wae isih ana jeneng liyane sing nganggo jenenge Adipati Sindurejo. Jeneng salah sijine pakumpulan truk ing Desa Jumo, Sindurejo yaiku jeneng pakumpulan angkutan umum khususe angkutan truk. Paguyuban truk sing ana ing Desa Jumo Kecamatan Jumo. Iki kabeh crita sing asal mulane saka jenenge Patih Adipati Sindurejo Jumo.
Semoga artikel DUMADINE MASJID ADIPATI SINDUREJO bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter