JENANG GULO
Jenang gulo,
kowe ojo lali marang aku iki yo kangmas
Nalikane nandang susah
sopo sing ngancani,
Dhek semono aku tetep setyo
serta tetep tresno yo kangmas.
Durung nate gawe gelo lan gawe kuciwo
Ning saiki bareng mukti
kowe kok njur malah lali marang aku
Sithik-sithik mesti nesu terus ngajak padu
Jo ngono… jo ngono…
Opo kowe pancen ra kelingan
jamane dek biyen yo kangmas
Kowe janji bungah susah padha dilakoni
Posting Komentar
Posting Komentar
- Tuangkan saran maupun kritik dan jangan meninggalkan Spam.
- Berkomentarlah dengan bijak sesuai dengan konten yang tersedia.
- Tidak Boleh Promosi