-->

Ads 720 x 90

SUMANTRI NGENGER

Prabu Citrawijaya ing Magada menggalih de­ne Dewi Citrawati du-rung gelem omah-omah. Ing mangka wis akeh para ratu, satriya, narapraja kang ngla­mar, malah wektu iki padha masanggrah sajabaning ne­gara Magada ngenteni wang­sulan saka Prabu Citrawirya. Dina mundhak dina says akeh sing padha teka Ian masanggrah nganti kaya nge­pung negara Magada.

Negara Maespati Sang Prabu Harjunasasra­bahu uga ngersakake ngla­mar Dewi Citrawati ing Maga­da. Nanging kapanggalih yen saiki wus akeh para ratu, satriya Ian narapraja kang nglamar, mesthi bakal ana peperangan gedhe. Petunga­ne sang Prabu rigelingi yen Magada wis kinepung para wadya kang nglamar. Durung rampung anggone nguda­rasa, sowane Sumantri atur uninga yen arep ngabdi ing Maespati. Nanging kekarepan mau durung bisa tinampa lamun durung bisa mboyong Dewi Citrawati ing Megada. Yen sekirane bisa Ian saguh, panyuwune bakal tinampa ngawula ing Maespati. Su­mantri atur wangsulan saguh minangkani, waton sabda pandhita ratu tan kena wola­vvali bisa maujud. Wusana Sumantri budhal mring Maga­da.


Prabu Darmawasesa ing Widarba kepengin males ukum marang Magada kang wektu iki akeh banget para ratu, sawadyane padha ma­sanggrah, manut petung gampang anggone ngreridhu nggepuk Magada. Kabeh sandyaning wadya kadha­wuhan menyang Magada, kalebu wadya yaksa.

Sowane Sumantri me­nyang Magada antuk kawiga­ten tumrap Prabu Citrawirya, mula banjur kaparingan dha­wuh yen bisa ngundurake para ratu sawadyane kang ngepung Magada sarta bisa mujudake putri dhomas, panglamare katampa kanthi becik.

Sumantri nyaguhi, mula Raden Citragada enggal kadhawuhan ngundhangake marang para ratu sawadya kang lagi masanggrah. Kanthi mangkono Magada dadi aja­nging perang mungsuh Su­mantri. Siji-siji bisa dikalahake nganti entek ratu panglamar manut dhawuhing Sumantri, mula para ratu telukan mau kadhawuhan nyedhiyani putri satus cacahe. Wolung ratu wis saguh Ian bakal katurake ing Maespati Wusana kabeh ratu kang kalah pamit ball mring prajane ane dhewe-dhewe. Saungkure para ratu-ratu mau, Sumantri Ian Raden Citragada rerasan babagan anggone tetandhingan mung­suh ratu kang ora imbang manut petungan, nanguing ewadene bisa dikalahake kabeh dening Sumantri, mula banjur kaajak sowan mring Prabu Citragada. Ora kanya­na tekane wadya yaksa saka Negara Widarba kabeh yaksa tur sekti mandraguna. Mula sang Sumantri kabeh yaksa tundhone bisa dikalahake. Mula age-age matur marang Prabu Citrawirya.

Ing Maespati, Prabu Harjunasasrahabu ngenteni dutaning nata, ngerti Suman­tri wis sowan, penggalihe legs luwih-luwih nggawa kabar nyenengake. Mula yen kabeh piranti wis sawega tumapaking panglamar kapasrahake Sumantri. Dene sadurunge iku, nuhoni dhawuhe sang prabu dina kuwi Sumantri katampa suwita ing Maespati.

Tekan tumapaking la­maran, kang dadi cucuking laku dipasrahake Sumantri, saengga pranataning bebaris­an katata arnrih beda kayo pranataning wadya kang maju perang. Ing kono Sumantri bakal mapanake wewarahe wong tuwane yaiku dadi pangarsa mono kudu bisa ngenggoni Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani.

Mula kabeh wadya kang ngarak temanten bisa urut becik kaya lumrahe ngarak temanten. Ing dalan ora ana rubeda, tekan Magada wis dipethukake kawula kapan­dhegan Raden Citragada, banjur kalarapake sang prabu Ian tinampa kanthi tats cara­ning panglamar, sawise cu-kup kaben upacaraning te-manten, Dewi Citrawati kabo-yong ing Maespati Purna.

http://nurulhilal.wordpress.com/2009/05/14/sumantri-ngenger/
Semoga artikel SUMANTRI NGENGER bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter