-->

Ads 720 x 90

ASAL USUL DHUKUH ADISARA

Panggonan sing dumunung ing sisih kidul Kabupaten Banjarnegara, luwih tepate ing Kecamatan Mandiraja desa Glempang. Ana salah siwijining dhukuh kang diarani dhukuh Adisara, ing dhukuh Adisara ana pesarean sing disebut pesarean Adisara. Neng jerone pekarangan pesarean ana panggonan sing diarani petilasane Sunan Kalijaga. Petilasan kuwi kerep dinggo nyenyuwun dening wong sing percaya yen nyenyuwun neng panggonan mau bisa nampa berkah. Biyasane yen sasi Sura masyarakat sing duwe sedulur sing disarekake neng pesarean Adisara, nganakake slametan sing diarani Nyadran. Ibu-ibu padha nggawa tumpeng isi pitik lan lawuhan, nanging yen ora mampu kena diganti endhog. Bapak-bapak padha nggawa kembang menyan. Kembang menyan mau diserahake juru kunci lan yen wis diberkahi banjur dibagekake Ibu-ibu kanggo keslametan keluarga, kembang mau kudu dikum banyu banjur dinggo raup kabeh anggota keluarga.


Manut ceritane warga kana, dhukuh Adisara kuwi sejatine petilasane Sunan Kalijaga. Putrane salah sijining Raja sing kondhang sugih, nanging raja mau ora mersudi marang rakyate, akeh rakyate sing urip sengsara. Raja mau ora bijaksana lan nduweni watek pelit, senengane nindhes rakyat cilik. Nanging wateke putra raja mau adoh saka wateke wong tuane, putra raja nduweni watek sing asor, welas asih karo rakyate.
Sunan Kalijaga sing duwe jeneng asli R.M Said, ora seneng ndeleng watekee wong tuwane sing serakah karo kesugihan, ora nggatekake rakyate sing uripe sengsara, wong tuwane mung mikir ketentremane uripe dhewe. Amarga watek welas asihe, mula dheweke banjur mutusake metu saka kraton lan dadi rampok. Sing dirampok dudu wong liya nanging wong tuwane dhewe, nanging kasile ngrampok ora kanggo kesenengane dhewe nanging dibagekake marang rakyat sing ora duwe. Suwe-suwe bandhane wong tuane ludhes dirampok dheweke. R.M Said banjur lunga ngumbara ing tlatah liya. Sajroning pangumbaran, ing salah sijining panggonan R.M Said kepethuk karo wong tuwa sing panganggone kabeh saka emas, nganti tekene uga saka emas. Jiwa ngrampoke R.M Said tumeka lan dheweke nduweni niat sing ora becik. Wong tuwa sing panganggone kabeh sarwa emas mau diuber nganti kecekel banjur dheweke ngrebut teken emas iku. Nganti sawijining dina wong tuwa mau mandheg ing panggonan banjur teken emase ditancepake ing lemah. “Yen kowe bisa nyabut, teken iki dadi duwekmu,” kandhane wong tuwa mau.
R.M Said nembe sadhar yen wong tuwa mau wong sekti. Kanyata R.M Said bisa njabut teken mau, dheweke kaget amarga panggonan kanggo nancepake teken mau malih wujud dadi kali. R.M Said banjur tobat, nanging tobate kudu nganggo syarat yaiku kudu njaga kali mau.
Salawase njaga kali R.M Said nampa pitudhuh saka Gusti Kang Maha Agung, dheweke banjur mlebu Islam. Sawise mlebu islam R.M Said banjur ngumbara karo nyebarake agama islam. Sawijining dina R.M Said tekan salah sijining dhaerah pegunungan ing Jawa sing panggonane isih alas lan wargane isih durung nduweni agama. R.M Said nduweni niat nyebarake agama ing kono, banjur ngumpulake para warga kanthi sarana gong sing ditabuh kaping telu. Saben thuthukan nduweni tujuan. Yen gong ditabuh kaping pisan warga supaya kumpul banjur diwenehi wejangan-wejangan babagan agama islam, gong kepindho yen para warga wis kumpul banjur dikongkon nyucikake awak (wudlu), gong kaping telu wong-wong diajari sholat. Para warga banjur akeh sing mlebu islam, carane nyebarake islam ora mung nganggo dakwah nanging uga nganggo kesenian, tuladha: wayang lan gamelan. Amarga ajaran lan piwulangane R.M Said, tekan saiki kabeh wargane nganut agama islam. Panggonan mau banjur diarani ARDISARA, Ardi kuwi gunung, Sara kuwi panggonan mulang. Kang tegese panggonan pegunungan kanggo pamulangan (nyebarake agama). Nanging wong-wong saiki ngarani panggonan mau ADISARA.
Semoga artikel ASAL USUL DHUKUH ADISARA bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter