-->

Ads 720 x 90

Petruk Dadi Ratu

Semarang, 21 Juni 2009
Dening : Iam

Petruk dadi Ratu
Patihe Gareng
Bala tentarane Gatotkaca Anoman

Duh Gusti…
Ratu mangane kumlecap
Njagong petengkrengan
Mlaku pecicilan
Ngombe mendem-mendeman
Ora ngerti kang kudu dilakoni



Lakon Petruk dadi Ratu
Kayata Indonesia
Kang mimpin bingung
Padha mabok kakuwasan
Rayahan kursi kapimimpinan
Rayahan bandha donya
Rakyat kang nelangsa

SBY-JK jamane wes liwat
Embuh apa kang kerumat
Mung wong cilik tambah melarat


Mega teka jare gawa tamba
Bareng Prabowo kang iklane sak bajeg Nuswantara
JK-Wiranto arep gawe urip mulya, jarene
SBY-Boediono mung LANJUTKAN ora genah apa sing arep dilanjutake

Halah halah…
Jan Gusti
Petruk dadi Ratu
Lakone kadadeyan nang Indonesia
Semoga artikel Petruk Dadi Ratu bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter