-->

Ads 720 x 90

Asal Mula Daerah Mbathang, Desa Pangenrejo lan Sumur Blabak

hek Jaman biyen, ing salah sawijining dhaerah, ana pangeran cacahe loro. Kaloro pangeran iku mau senenge adu manuk. Manuk gemek utawa manuk puyuh jenenge.
Ing salah sawijining dina, pangeran loro kuwi mau ketemu saperlu ngedu manuk gemeke. Salah siji saka manuk gemek kuwi mau kalah banjur mlayu mabur ngarah ngetan-ngalor. Sanajan wis kalah gelut, abure manuk gemek mau isih bias banter banget. Ananging, ora let suwe, manuk mau tiba, mati banjur dadi bathang. Mula kuwi, panggonan papan matine manuk gemek sing kalah mau nganti saiki dijenengake dhaerah “ MBATHANG”.


Manuk gemek sing menang mau, ora ngerti yen musuhe wes mati,. Dheweke melu mabur, ngoyak/nututi musuhe, ngono karepe nganti rada adoh anggone manuk mabur nututi musuhe, nanging tetep ora ketemu. Manuk mau kesel, banjur leren/istirahat ing salah sawijining dhaerah sawijining dhaerah sing subur lan sugih/akeh pangan. Manuk mau ngrasa gampang banget anggone golek pangan nang dhaerah kono mau. Mulane dijenengake “PANGENREJO”. Pangen saka tembung asal pangan lan rejo amarga dhaerah kono akeh sugih pangan.
Sakwise wareg golek pangan nang dhaerah Pangenrejo, iku mau, manuk gemek banjur mabur neneh bali menyang dhaerah asale. Ana ing dhaerah kono, manuk ora sengaja nyucuk lemah. Saka lemah sing dicucuk mau, metu banyune kang ora tau sad/asat sanajan musim ketiga. Saya suwe banyune saya akeh banjur dadi sumur/belik. Yen didelok mata, dhasar sumur mau kaya blabak, ananging sejatine lemah. Mung yen ketok mata wae kaya blabak. Sumur/belik kuwi mau banjur dijenengake “Sumur Blabak”.
Cerita asal usule dhaerah Mbathang desa Pangenrejo lan sumur Blabak sing wis katulis kuwi mau, sumbere saka ceritane sesepuh sing ana ing desa Pangenrejo, Kecamatan Purworejo, Kabupaten Purworejo. Ananging uga ana versi liya babagan asal-usul jeneng desa Pangenrejo.
Versi liya saka sumber sing bias dipercaya, Pangenrejo iku papan kanggo angon wedhus. Pangen saka tembung asal angon lan rejo amarga subur. Mulane dijenengake Pangenrejo.
Semoga artikel Asal Mula Daerah Mbathang, Desa Pangenrejo lan Sumur Blabak bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter