-->

Ads 720 x 90

Sesongar Gawe Ajur, Nrima Gawe Makmur

(Wiwitane Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen)

Kawiwitan saka paprangan antarane Singojiwo lan Wirogati kang rebutan wilayah. Sakwise wong tuwane tilar dunya, Singojiwo ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak Singojiwo jebul wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono kang sadurunge wis duweni kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing mbukak, dheweke nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watek sesongar nantang gelut Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati lunga saka omahe tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo. Wirogati bali lan olih wangsit supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak marang Singojiwo kanthi pathok kanggo wates pekarangane lan supaya Singojiwo ora gawe sesongar ana desa iku.


Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane ngluwehi pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi sepakate wong loro iku dilanggar Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo, dheweke nimbali Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo malah nantang gelut. Dheweke malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah dheweke gelem mbalekake pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang, pekarangan kang wis dibukak lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati nrima apa kang dikarepake Singojiwo. Paprangan antarane wong loro iku kaleksanan.
Nalika perang, Singojiwo malih wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih wujud nanging dheweke nitih jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake Singojiwo. Singojiwo kalah, nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine menehake alas pekarangan kang wis direbut. Wirogati kang nduweni watek nrima dheweke menehake pekarangan lan alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku. Wirogati menang nanging dheweke ikhlas menehake pekarangan kang dijaluk Singojiwo. Wirogati menehi pekarangan iku kanthi panjaluk supaya anak putune bisa urip bebrayan ora ana sing padha gelutan.
Saka kedaden iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku nganti anak putune. Menawa ana ya ora nganti geger. Dhaerah kang diduweni Singojiwo lan Wirogati dadi desa kang guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten arane. Karanggede nduweni teges karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa Karanggede iku wiwitane saka pekarangane Singojiwo sing amba, mula diarani Karanggede. Menawa Desa Wirogaten, jeneng iku dijupuk saka jeneng Wirogati kang dadi patriote Desa iku.
Sanjange para sesepuh desa loro iku leluhure iku yaiku Mbah Singojiwo lan Mbah wirogati sawektu-wektu menthengul. Mbah Singojiwo biyasane mujud singo kang menthengul ing wayah-wayah sandikala utawa wengi-wengi tartemtu. Menawa Mbah Wirogati, ora mujud nanging mujud swara jaran ngringik kang biyen-biyene titihane Mbah Wirogati.
Singojiwo kang nduweni watek sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong biyasa-biyasa wae. Ora ana sing sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget utawa sewalike. Anak turune percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune lunga saka desa iku. Beda karo wateke Mbah Wirogati kang nrima, anak turune Mbah Wirogati beda karo anak turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati akeh kang dadi wong gedhe. Dadi desa kang makmur.

Semoga artikel Sesongar Gawe Ajur, Nrima Gawe Makmur bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter