-->

Ads 720 x 90

KAMANDAKA

( LUTUNG KASARUNG )

Dongeng saking Kedu

Ing Jawa Barat, abad 14 taun 1482 – 1579 Prabu Siliwangi dadi panguwasa Keraton Pajajaran Sri Baduga Raja, gelare. Keraton Pajajaran kagolong keraton Hindhu sing kuwat banget, saengga Patih Gajah sing saka Keraton Majapait angel nguwasani keraton Pajajaran. Keroton Majapait bisa ngembangake tlatahe nganthi tekan Malaka. Saengga tlatah keraton Majapait lan keraton Pajajaran wawatesan karo Kebumen yakuwi kali Luk Ulo sing dadi watese. Kuwi kabeh dadikake guwa Jatijajar mlebu tlatah keraton Pajajaran.


Prabu Siliwangi duwe anak lanang telu lan anak wadon siji, saka praweswari loro yakuwi Banyak Cotro, Banyak Ngampar, Banyak Blabar lan Dewi Pamungkas. Amarga wis tuwa, Prabu Siliwangi duwe maksud ngangkat Banyak Cotro dadi raja Ing Pajajaran. Nanging yen Banyak Cotro ngrasa yen dheweke durung akeh duwe kapinteran lan durung duwe bojo, saengga dheweke njaluk wektu kanggo nggoleki bocah wadon sing bakal dadi calon bojone. Banyak Cotro gelem omah – omah yen karo bocah wadon sing ayune padha karo ibune, banjur dheweke lunga saka Keraton Pajajaran awit nggoleki bocah wadon sing bakal dadi bojone. Banyak Cotro entuk welingan saka Resi Ki Ajar Wirangrong ing gunung Tangkuban Perahu yaiku supaya lunga menyang kadipaten Pasirluhur sisih wetan.
Banyak Cotro kudu nyamar lan ngaganti jenenge dadi R. Kamandaka sarta kudu nganggo klambine wong cilik. Banyak Cotro tekan ing Pasirluhur, dumadakan papasan karo Ki Reksonoto. Amarga wis tuwa lan ora duwe anak dheweke tresna banget marang R. Kamandaka awit kapinterane lan rupane sing bagus banget.
Nalika Pasirluhur diparentah karo Adipati Kandadoho sing duwe anak wadon, kabehe wis padha omah–omah. Nanging sing ragil durung omah–omah Dewi Ciptoroso, jenenge. Dumadakan R. Kamandaka karo Dewi Ciptoroso lan tresna banget marang dheweke. R. Kamandaka lan Dewi Ciptoroso ngumpetake sesambungan kuwi marang sapa bae.
Nalika R. Kamandaka arep nemuni Dewi Ciptoroso malah ora sida awit Jagasura kaputren ngerti yen ana wong mlebu kaputren, saengga kaputren dikepung lan R. Kamandaka kacekel. R. Kamandaka ora wedi lan bisa lolos saka Jagasura Pasirluhur awit kasaktiane lan katangkasane. Sadurunge ninggalake kaputren, R. Kamandaka ngenalake awake dhewe yen dheweke kuwi anake Ki Reksonoto. Kadadeyan kuwi gawe abang kupinge Sang Adapati, banjur Patih Reksonoto digoleki supaya bisa nangkep R. Kamandaka lan njelasake nganthi cetha prekara sing digawe putrane. Jagasura gage nggoleki Ki Reksonoto lan dicekel. Kajaba katresnane Ki Reksonoto marang putra angkate, R. Kamandaka diculake. Kanggo ngindari sujane Adipati, Ki Reksonoto ngapusi yen R. Kamandaka wis mati. Kosok baline Dewi Ciptoroso kuciwa lan sedhih banget krungu kabar sing mangkono kuwi.
Neng lakune R. Kamandaka ketemu karo wong sing gaweane mancing iwak Reka Jaya, jenenge. Wong loro mau kekonconan apik lan mutusake netep ing desa Paniagih. Neng kana R. Kamandaka urip karo Mbok Kertosura, wong sing gelem ngopeni lan ngangkat dadi anake. Kanggo nambani larane, R. Kamandaka nglakokake adu pitik. Asile adu pitik mau digunakake R. Kamandaka kanggo mbangun desa Paniagih lan desa Paniagih diganti jenenge dadi desa Sugihan.
Nalika R. Kamandaka menang adu pitik dadikake dheweke diwanuhi wong – wong. Saengga Adipati Pasirluhur ngerti yen kasunyatane R. Kamandaka isih urip. Banjur Adipati Pasirluhur mrentahake supaya R. Kamandaka dicekel. Dumadakan ana pemudha bagus Silihwarni, jenenge sing arep ngabdi marang Adipati Pasirluhur lan Adipati ngabulake panjalukane Silihwarni mau. Silihwarni langsung dikongkon nyekel R. Kamandaka urip – urip utawa mati.
Kasunyatane Silihwarni kuwi Banyak Ngampar putrane Prabu Siliwangi sing ke loro. Banyak Ngampar utawa Silihwarni lagi duwe kuwajiban nggoleki kakange yakuwi Banyak Cotro. Kanggo ngadhepi mutawir neng dalan, dheweke diwenehi pusaka Pajajaran. Kujang Pamungkas. Silihwarni nggoleki R. Kamandaka karo ditutake Jagasura nganthi tekan desa Karangluas, panggonan kanggo adu pitik. Neng kana dheweke ketemu karo R. Kamandaka. Kasunyatane R. Kamandaka nganthi ora eling lan metingake Silihwarni yen awake arep ana mutawir sing wigati. Dheweke lena saengga keris Kujang Pamungkas kena lambunge sisih kiwa. Nanging R. Kamandaka bisa nrobos lan lolos saengga desane kuwi dijenengi desa Brobosan. Ing desa liyane R. Kamandaka leren sedhela, amarga getihe saya nrocos banter saengga desa kuwi dijenengi desa Bancaran.
Ora kenyana R. Kamandaka ngadhepi dalan sing buntu lan panggonan kuwi diwenehi jeneng desa Buntu ( mangkana sing dadi simpangane Kroya – Maos – Purwokerto – Kebumen ). Silihwarni tetep ngoyak R. Kamandaka nganthi R. Kamandaka nemukake guwa lan banjur mlebu umpetan ana jerone. Neng ngarep guwa kuwi Silihwarni nantang R. Kamandaka tanding.
Amarga kuwi kabeh R. Kamandaka dadi ngenalake awake dhewe lan Silihwarni ngerthi yen R. Kamandaka kakange sing lagi digoleki. Banjur Silihwarni mateni asu lan dijupuk getihe. Getihe kuwi diwenehake Sang Adipati Pasirluhur kanggo bukti yen R. Kamandaka wis mati neng tangane. Sadurunge R. Kamandaka lan Silihwarni ninggalake guwa kuwi, sempet nandur wit jati jejer – jejer pas neng ngarep guwa, saengga guwa kuwi diwenehi jeneng guwa Jitijajar.
R. Kamandaka bali ing Pajajaran karo ngajak Reka Jaya, kancane. Nanging sawise tekan Pajajaran dheweke njaluk restu ngembara maneh kanggo nggoleki bocah wadon sing ditresnani. R. Kamandaka lunga maneh neng Pasirluhur lan sadurunge mangkat R. Kamandaka tapa neng guwa panggonane ngumpet sawektu digoleki Silihwarni biyen. R. Kamandaka entuk kanugrahan saka Resi supaya nggoleki klambi lutung supaya bisa ketemu karo Dewi Ciptoroso. R. Kamandaka diutus tapa neng alas Batur Agung. Banjur R. Kamandaka dadi lutung lan urip neng alas kuwi. Karo Reka Jaya dheweke aweh klambi keblak (lawa gedhe ). Keblak kuwi diparentah supaya bapake mlebu ing alas lan yen mengko ketemu lutung supaya dicekel banjur diopeni. Awit lutung kuwi sing bakal bisa nemukake Dewi Ciptoroso karo R. Kamandaka.
Krungu sing mangkono kuwi atine Dewi Ciptoroso ngrasa seneng lan dheweke nglakokake wejangane kuwi kabeh. Dewi Ciptoroso ngomong marang bapake yen panjaluke mau kuwi kudu dituruti. Adipati langsung mlebu ing alas Batur Agung banjur ketemu karo lutung sing manutan. Dumadakan Reka Jaya ngaku – ngaku yen lutung kuwi duweke. Reka Jaya njaluk supaya bisa melu ngopeni lutung kuwi. Adipati ngabulake panjaluke Reka Jaya mau nanging ana wewaton, yen lutung kuwi entuk di krangkeng nanging kudu bisa bebas obah. Wewaton kuwi disepakati, banjur lutung digawa lan diopeni marang Dewi Ciptoroso. Kasunyatane lutung kuwi yaiku R. Kamandaka yen wengine bisa njelma dadi wong nanging yen awane bisa njelma dadi lutung maneh.
Sasuwene kuwi akeh putra–putra Raja sing tresna marang Dewi Ciptoroso, nanging dheweke ora gelem. Ana salah sawijining putra raja Prabu Pulebahas, jenenge tresna banget lan kudu entuk Dewi Ciptoroso. Dewi Ciptoroso krungu lan tetep ora gelem, nanging lutunge nyetujuni yen Dewi Ciptoroso kudu nrima Prabu Pulebahas. Ora segampang kuwi, Prabu Pulebahas kudu ngentuke yen lutung entuk melu terus ana sisihe Dewi Ciptoroso. Amarga Prabu Pulebahas ngancem, yen ora ditampa arep ngrubuhake kadipaten Pasirluhur. Krungu mangkono, Dewi Ciptoroso nyetujuni kekarepane Prabu Pulebahas.
Wektu sing dikarepake Prabu Pulebahas wis teka. Banjur Dewi Ciptoroso ketemu karo Prabu Pulebahas, suasanane ora ngenaki banget. Amarga lutunge malah ngribeti lan langsung gawe abang kupinge. Lutung kuwi digebug lan ora kenyana lutung malah luwih pinter. Prabu Pulebahas kalah lan langsung ambruk neng lemah. Prabu Pulebahas mati banjur lutung kasarung njelma maneh dadi R. Kamandaka lan nggunakake klambi keraton Pajajaran. Saengga Adipati Pasirluhur ngerti mangkono yen lutung kasarung yakuwi Putra Mahkota keraton Pajajaran. Banjur Adipati Pasirluhur sarujuk marang sesambungane Dewi Ciptoroso karo R. Kamandaka sarta ngangkat dadi Adipati Pasirluhur.

Semoga artikel KAMANDAKA bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter