-->

Ads 720 x 90

NALIKA PETENG

Dening Yoni Ahmad

Langit wengi iki sansaya peteng

Pandeleng ing netra ugi sansaya peteng

Sikil tumapak tanpa ngerti apa kang kapecak

Lumampahan tanpa ngerti apa kan kecandhak

Remeng-remeng ora ngerti apa sing dideleng

Theleng-theleng ora ngerti apa sing cinepeng

Suwara emprit, suwara prenjak, suwara jangkrik

Tansah keprungu nanging ora nate katon

Tanpa anane cahya kang nyuminari

Ora kaya nalika padhang rembulane

Langit wengi iki sansaya peteng

Pandeleng ing netra ugi sansaya peteng

Ora bisa lumaku kanthi kepenak

Ora bisa ndeleng sanajan ana ing cedhak

Remeng-remeng nanging angel dideleng

Theleng-theleng nanging angel cinepeng

Suwaramu kang ginawa angina

Tansah keprungu nanging uga pengen katon

Aku butuh cahya kang nyuminari

Aku pengen kaya nalika padhang rembulane

Langit wengi iki sansaya peteng

Pandeleng ing netra ugi sansaya peteng


Semoga artikel NALIKA PETENG bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter