Kurang luwih abad kaping 15 ing tlatah Kabupaten Jepara, dusun Kriyan ana sijine ratu isih kerabat Sultan Demak. Asma Diah Ayu Kalinyamat duwe bojo Sultan Hadirin. Diah Ayu Kalinyamat sawijining ratu kang pinter, kendel lan pideksa. Kejaba dadi ratu uga dadi senopati nglurug mimpin perang nglawan kraton Melayu kang saiki diarani Malaysia nganti menang.
Ing sawijining dina garwane Kanjeng Ratu Kalinyamat marak sowan nekani paseban marang gurune kang asma Kanjeng Sunan Jabar Sodig (alias Sunan Kudus). Ing padepokan menara Kudus ing kana uga rawuh Adipati Arya Penangsang, gandeng Arya Penangsang anduweni ati culika marang sultan Hadirin (garwane Ratu Kalinyamat). Perkara warisan kraton Demak mala Arya Penangsang nuli marjaya marang Sultan Hadirin nganggo keris Agul-agule.
Sultan Hadirin ora terus seda nanging nuli kondur menyang kratone Kalinyamat ing Jepara. Saknjerone lumampah kondur ludirane titis kecemplung kali ing kana, banyu kali mau wernane dadi âunguâ nanti saiki dsa kana diarani âdesa Kaliwunguâ. Lumampah ngulon maneh ing kana Sultan Hadirin atine mandeg âmayongâ nganti saiki desa kana diarani âDesa Mayongâ. Nuntukake mlakune mangulon maneh ing kana atine Sulyan Hadirin melang-melang nganti saiki dsa kana diarani âDesa Pelangâ. Sakteruse lumakune saya ngulon ing kana Sultan Hadirin mambu ganda mayite dhewe, nganti saiki desa kana diarani âDesa Purwogandaâ. Nutgake mlakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa akeh lebu utawa awu kang padha kabur-kabur nganti saiki desa kana diarani âDesa Lebuawuâ. Nutugake lelakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa manuk Cangak kang akek banget nganti saiki desa kana diarani âDesa Pecangaanâ. Nuli nerusake lumakune ing kana sing padha nandu Sultan Hadirin lumakune padha mekeh-mekeh saking kesele nganti saiki desa kana diarani âDesa Pelekehanâ. Ing kana Sultan Hadirin lagi seda terus dikubur ana ing kuburan âMantinganâ. Tlatah kabupaten Jepara kang nganti saiki akeh wong kang padha nyekar mrana ing makam Sultan Hadirin.
DUMADINE JENENG DESA-DESA ING TLATAH KAB. JEPARA
Semoga artikel DUMADINE JENENG DESA-DESA ING TLATAH KAB. JEPARA bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com
Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.
Posting Komentar
Posting Komentar
- Tuangkan saran maupun kritik dan jangan meninggalkan Spam.
- Berkomentarlah dengan bijak sesuai dengan konten yang tersedia.
- Tidak Boleh Promosi