
Tumekane laku nganti ing pawiyatan inggil kanti niat lan eluh
Oklak-aklik sikile ngalor-ngidul luru duwit
Demen karo dalane, temen karo niate
Nanging lelakon kanti niat sing temenan
Isih kalah karo dluwang saklembar gambar kembang karo sirah
Ya abang, ya ijo, ya biru...
Nggawe wong-wong dhuwur kae padha obah mripate
Ora ngerti apa kang dirasakake wong-wong cilik iki
Dluwange mabur, ilmune dadi ngawur, akhire nganggur
Babon sithik dijejeli anak-anak akeh
Kedadeyan piwulangan mosak-masik bingung arep dikapake
Ethok-ethok sugat pangan lawuh warna-warni
Nanging dingel-ngel tiba mburine
Ngene salah, ngono salah
Pangan ora sida dijupuk
Pancen mlepuk.
Akeh mlebu
Ora ana
Metu
Posting Komentar
Posting Komentar
- Tuangkan saran maupun kritik dan jangan meninggalkan Spam.
- Berkomentarlah dengan bijak sesuai dengan konten yang tersedia.
- Tidak Boleh Promosi