-->

Ads 720 x 90

Kumpulan Geguritan: NDOBOL KABEH



Wong jaman saiki ngomongna kabecikan?

Gudal…

Janjane apik iku apa tho?

Ethok-ethok ngomongna kaapikan

Mung ora ngilo karo raine dhewe


Ngomongna raine wong

Mangka raine dhewe ora kerumat

Saiki sapa sing bener

Wong jaman saiki ngomongna kajujuran?

Ndobol…

Janjane jujur iku apa tho?

Ethok-ethok ngomong jujur

Mung ning mburine njupuk dwite rakyat

Mangan batang babi rong minggu

Macan wae ora doyan

Saiki sapa sing jujur

Wong jaman saiki ngomongna moral?

Nggambus…

Janjane moral iku apa tho?

Ethok-ethik ngomong moral

Mung morale awake dhewe bejat

Ndemeni anakke tanggane

Apa maneh simboke

Saiki sapa sing nduwe moral

Wong jaman saiki ngomongna kiamat ?

Nggapleki…

Janjane kiamat iku apa tho?

Ethok-ethik ngomongna kiamat

Mung awake dhewe ora gelem tobat

Mangka

wis
nyandak sekarat

Saiki sapa sing arep tobat ?

Semarang, 15 Mei 2007

By Yoni

June 01, 2007 in ungkapan jiwaku | Permali
Semoga artikel Kumpulan Geguritan: NDOBOL KABEH bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter