-->

Ads 720 x 90

Kumpulan Geguritan: KOK DADI NGENE


Dina iki aku seneng banget

Dina sing tak enten-enteni wis teka

Aku bisa kumpul karo kanca-kanca

Bebarengan nglakoni pasinaon



Nggolek ngelmu sinambi mbuak sumpek

Aku wis ora sabar pengen maju

Atiku sumringah sanget

Ning ngarepku ana kembang langit

Wangine aromane…

Lembut tatane…

Agawe aku tambah gumeter

Muter keblinger,

Nanging lepating pangucapku

Nangekake bathara kala

Saya suwe saya murka

Rasa kabeh mau ilang sirna

Aku mung bisa pasrah ing suwasana

Ati iki mung krasa gela

Kena apa bisa kadaden

Barang kang ora tak pengen

Apa pancen salah

Apa sing wis tak lakokna
Semoga artikel Kumpulan Geguritan: KOK DADI NGENE bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter