-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: RADEN KEMBANG JAYA

Raden kembangjoyo yaiku pemudha sing gagah lan bagus. Dheweke duweni dulur loro yaiku Raden Rukmayana, lan Prameswari. Saben dinane dheweke mertapa lan golek ilmu ing wilayah Bandengan Trangkil. Ing remajane dheweke sekti mandraguna. Rupan ebagus banget sehingga kebeh bocah wadon pada seneng. Ing sakliyane dina ana peristiwa yaiku Yudapati ngamuk-ngamuk lan ngajaki perang Carangsoka. Yudapati durung puas sakdurunge bisa mateni Ki dalang Sapanyana. Sapanyana yaiku kancane raden Kembangjaya. Pangeran Yudapati pingin Sapanyana digawa ing Paranggaruda lan diadili ing kana, nanging Puspahandungjaya ora gubris, akhire Yudapati ngamuk lan dhuweni niat ngejur Carangsoka.


Critane ngene, Kembangoyo manggon ing dukuh Bathengan, dhuweni abdi sing jenenge Nayanggenggang lan putrane sing jenenge Sabdapalan. Sore iku penggede Majasemi yaiku Raden Sukamayana lagi leyeh- leyeh ing gubuk karo garwane yaiku Nyi Suciyah. Wong loro kuwi lungguh-lungguh ing gubuk karo deleng-deleng kembang.
Nyi Suciyah : “Wis suwe kakang, adik Kembangjoyo ora bali ning omah, kenapa ya kakang kok ora bali. Apa adhik Kembangjoyo enthuk alangan?”
(ngomong karo lemah lembut) Aduk kakang, pikiranku ora enak, apa adhik kembangjaya lara? Piye yen aku sing marani adik Kembangjaya lan ngajak bali mrene!”
Sukmayana : Iya nimas, kuwe mrana wae, terus dheweke ajak bali mrene, aku wis kangen banget karo adhik kembangjaya.”
Dyah suciyah bakal seneng banget bisa puas atine, bias weruh adhik ipene sing ganteng dhewe.” O…..adhiku Kembangjaya”. Ngono iku sing ana ning atine.
Dyah Suciyah terus siap-siap. Dheweke gawa sega ning wakul. Tekan kana atine seneng banget, dheweke terus mlebu kamare Kembangjaya lan ngrangkul Kembangjaya. Kembangjaya kaget.
Kebangjaya : “Atur sembah kula kagem Putri”.
Dyah Suciyah : “Wis ora usah nyembah-nyembah. O…adhiku sing bagus dhewe iku tak gawake sega wakul senenganmu.”
Adbine Kembangjaya langsung lunga lan mara ning gubuk, dheweke bingung amarga tingkah lakune putrid ana sing beda.
Sabdopalon : “ Bapak, tak sawang-sawang, kenapa tuan putri tingkah lakune aneh, ora bias meneng. Mripate mlirak-mlirik, apa arep tukaran?”
Nayagenggong: ” Meneng wae, kuwe kuwi reti apa.”
Ing kamar namung Kembangjaya karo Dyah Suciyah.
Dyah suciyah : “ Reneya adhikku, tuma ing rambutmu tak jupukkane”.
Kembangjaya : “ Kula sampun keramas Putri”.
Atine Dyah jengkel, lan Kembangjaya lagsung didekep. Sabukane terus dicekel lan diuculi. Nanging ora kasil.
Dyah Suciyah :”Aduh, adhikku tambani atiku sing lagi lara tresna iki, sing bisa nambani naming kuwe”.
Kemangjaya : Putri, kula ajreh. Paduka niku kangmas kula”.
Dyah Suciah : “ Ora Adhiku, mengko yen Raden Sukamayana ngamuk, aku sing nanggung”.
Kembangjaya :” Aduh putri, boten pantes putri ngeten. Putri ampun serong, mangke dosa kaliyan Tuhan”.
Sang Dyah ora sabar maneh, Kembangjaya langsung digeret ning kasur. Kembangjaya waspada. Dheweke cepet-cepet lunga, lan selendange Suciyah kegeret lan suwek. Suciyah langsung bengok- bengok lan nangis. Dheweke maki-maki Kembangjoyo lan duwe karep mitnah Kembangjoyo ning ngarepe Raden Rukmayana. Nyi Suciyah langsung bali karo nangis ing saben dalan. Tekan omah Nyi Suciyah langsung nangis dan gulung-gulung ning lemah.
Suciyati :” Kakanda patenana aku, aku ora sanggup nahan isin, harga diriku wis ora ana”.
Sukmayana : “Ana apa adinda, critakna sing sabenere, apa kuwi tukaran karo Kembangjaya”?
Suciyati :” Aduh…kakanda, wis…wis….kelakuan adhikmu ora pantes, dheweke ngrangkul aku, barang sing dilarang dicekel-cekel”.
Krungu kaya ngono mau, Sukmayana langsung ngamuk lan goleki Kembangjaya, ning atine mung ana tekad kanggo mateni Kembangjaya. Kerise wis diunus lan wis siap mateni Kembangjaya. Akhire Raden Rukmayana tekan dusune Kembangjaya, ora perlu pikir dhawa, adhine langsung dicekel lan ngendikan ” kelakuanmu apik yo, ayo bengok sing banter , njaluk tulung lan tanggung dhewe dosamu”.
Langsung Kembangjaya dicekel, digebuki lan disepak-sepak.
Kembangjaya :” Kakanda…nyuwun pangapunten……”!
Kembangjaya nganti ajur mumur, bejo, ning kana ana Nayagenggong. Nayagenggong langsung nyritaake sing sabenere. Sukamayana ngamuk, lan langsung njaluk ngapura karo Kembangjaya. Nyi Suciyah diamuk nanging ora nganti dipateni amarga dheweke isih tresna.
Ning dina liya, Yuyurumpung lagi bingung goleki Dalang Sapanyana. Yuyurumpung yaiku panglima perang ing daerah Paranggaruda. Dheweke diwenehi kepercayaan karo Yujopati yaiku patih Paranggaruda kanggo goleki dalang sing jenenge Sapanyana. Anake Patih Yujopati sing jenenge Raden Bagus Menak Jasari arep dijodohke karo anake Patih Carangsoka sing jenenge Retna Nawangwulan. Nawangwulan gelem nikah karo Jasari yen pas nikahane ngundang dalang sing jenenge Sapanyana. Dalang Sapanyana kuwi bagus banget, lan sakti. Wayang lan gonge bisa mumbul dhewe. Yuyurumpung njaluk bantuan saka penggede-penggede daerah liya, ana siji penggede sing ora gelem yaiku penggede sing jenenge Kuda Suwengi. Yuyurumpung langsung marani lan ngarani dheweke kewan.
Yuyurumpung : “ Hai kewan, kuwe anak babi alas, bangsat, anak kucing alas, keparat…..”!
Suwengi :” Apa salahku, aku ora dhuwe urusan karo kuwe”.
Ora let suwe Yuyurumpung lan Suwengi tukaran, Suwengi kalah lan ngungsi ning Majasemi yaiku omahe Raden Sukmayana. Reti kaya ngono Yuyurumpung langsung ngamuk lan langsung njaluk bantuan Sondong majruk supaya nyolong keris lan mahkota ning Majasemi. Ana penjaga kerajaan sing curiga.
Penjaga 1 : “ Heh…ati-ati , mau ana swara gemericik ning paseban, sapa reti ana maling sing mlebu lan balangke ilmu sirep, atiku ora penak”.
Penjaga 2 :” Maling apa? Ora ana. Kabeh wis waspada, palengan lawa.
Sukamayana karo garwane lagi turu, sehingga ora reti yen ana maling mlebu. Akhire mahkota iku ilang digowo maling. Sukmayana njaluk bantuan Sondong Wakerti kanggo Bantu goleki keris lan mahkotane mau.
Sukmayana : “ Aduh…cilaka dinda….tulungi aku, ndhek bengi keris lan mahkotaku dicolong maling”.
Sondongwekerti: “Mesti iki gawenane Sondong Majruk sedulurku Kakanda, kula nyuwun pamit. Kula janji kakanda badhe madosi ngantos kepanggeh”.
Akhire Sondang Wekerti goleki Sondang majruk, dheweke tukaran seru banget. Nganti akhire Sondong majruk Mati.
Ning kraton Carangsoka lagi bingung amarga Sapanyana durung ketemu. Adipatii Puspahandungjaya yaiku adipati Carangsoka akhire njaluk bantuan karo Sukmayana kanggo goleki dalang Sapanyana. Sukmayana langsung ngutus pembesar desa Kropak kanggo goleki Sapayana. Akhire dalang Sapanyana ketemu.
Yudapati : “ Sugeng rawuh nak…, sapa jenengmu”?
Sapanyana : ”Inggih kula Sapanyana, niki sedulur kula Ambarwati lan Ambarsari.” Kula mboten gadah panggenan, boten mangertos bapak lan ibu, niki gamelan saking dewa.
Krungu kaya ngono, atine Adipati welas, dheweke ngijinke Sapanyana manggon ning kerajaan Carangsoka”.
Dipati Carangsoka wis siap-siap nampa lamaran saka Adipati Paranggaruda. Ing kono rame banget. Acarane wis diwiwiti, lan nganten lara kuwi mau ditemokake.
Jasari : Ngomong ning atine. “ wah calon bojoku ayu tenan”.
Nawangwulan :(Ngomong ning atine). “Bojoku elek temen, kayak kepiting, pantese dheweke kawin karo serigala. Kayak ketek lan musang. Aku luwih becik mati tinimbang kawin karo kuwi.” Dheweke dhelengi Sapanyana terus.” Sapanyana kuwi cakep tenan, pantes dheweke terkenal. Baguse kuwi ndadekake kabeh bocah wadon kesemsem, saudarane uga cantik-cantik”.
Sapanyana wis manggung , kabėh wong sing teka padha gumun. Ning pathet sanga, Nawangwulan marani sapanyana lan nabrak Sapanyana. Kabėh sing ning kana pada weruh lan Yuyurumpung ngamuk.
Yuyurumpung :” Heh..heh…dalang Sapanyana, kuwe mesti mati..ayo prajurit kepung Sapanyana, cekel langsung pateni waė”.
Sapanyana karo Nawangwulan mlayu wong loro.
Nawangwulan :” Kakanda aku luwih becik mati tinimbang ora bisa kawin karo paduka.”
Sapanyana :” Aduh Adinda aja khawatir, sėsuk ning peperangan kuwė pasti tak rebut. Nanging bengi iki aku during bisa gawa kuwė, amarga saudaraku mesti diperlakukan ora adil.”
Akhirė Sapanyana karo dhulure mlayu ning njero alas. Nganti tekan dukuhe Kembangjoyo. Sapanyana ngaturake sembah karo kembangjoyo lan njaluk bantuan Kembangjaya. Kembangjaya akhirė gelem ngiwangi Sapanyana. Kembangjaya lan Sapanyana lunga ning Majasemi lan ngadhep karo Adipati Sukmayana.
Sukmayana :” Sugeng Rawuh, sapa adinda kancamu kuwi”.
Kembangjaya :”Ngapuntene Kakanda, menika dalang Sapanyana, ingkang nembė dipun padosi kaliyan Yuyurumpung amargi kala dhalu sampun mbeto putrinipun Adipati Carangsoka Nawangwulan”.
Sukmayana gelem nrima Sapanyana, lan ngangkat dhulure Sapanyana dadi bojone, lan sing Ambarwati dinikahke karo Kembangjaya.
Krungu berita kaya ngono kuwi Adipati paranggaruda ngamuk, dheweke lan patih-patihe dhuweni rencara perang karo Carangsoka lan Majasemi.
Jasari :” Aduh Paduka, patėni kula, kula dipun utus nikah boten kekarepan kula nanging dipun jodohakė kaliyan Paduka, kula badhe nikah kaliyan putri ayu nanging sampun dipun colong kaliyan Sapanyana”.
Yudapati :” aja nangis anakku, mengko takbalesė. Nek ngono patih, cepet perintahno kabeh bala tentara supaya siap-siap kanggo perang. Lan kandakno Yuyurumpung arep tak ajak perang, bakaren Carangsoka”.
Ing pinggir kali gedhe, para tentara pada ngumpul lan ngedekno pesanggrahan. Lan surat tantangan wis diwacakno, isine yaiku: “ Iki surat saka aku Yudopati, ayo peranglah nglawan aku, sesuk pasti tak tugel gulumu”.
Bala tentara saka Carangsoka uga pada ngumpul.
Singapadu :”Iku ora urusanku yen, putrane Dipati Paranggaruda sing arep mbok kawinkė karo putrine pembesar Carangsoka, langsung ditampik sehingga lara ati. Wes balek wae, ora usah nyerang maneh, yen tetep ngajak perang rene wae”.
Yuyurumpung :” Hai keparat kuwe wong-wong Paranggaruda, aja kayak bocah wadon, ayo cepet maju perang”.
Perang diwiwiti, swarane banter banget, ana sing ngunekake trompet, gong, lan seruling tanda yen perang arep diwiwiti. Padha manah, nyawat arit, nglempar tombak lan sakliyane.
Sondongwekerti:” Heh sing ngendi Dipati Paranggaruda, kon maju perang. Aja mung ning kraton wae. Nek lanang tenan metuwa”.
Dandangwiring:” Kaya kuwe cah lanang dhewe, mbok kira ora ana sing nglawan, sing sebelah etan kuwi prajurit-prajuritku.
Sondongwekerti:’Ayo tombaki terus, aku ora bakalan mempan”.
Sondongwekerti karo sesumbar lan karo jogged-joged.
Sondongwekerti:’Yen kuwe ora bisa nangkap aku saka ngarep, ayo tangkap aku saka buri”.
Dandangwiring:’ Ora pantes aku nyekel saka buri, ayo lawan aku (karo walang kerik). Aja nyekel karo rong tagang nanging njaluk bantuan saka bala-balamu”.
Perang ramė banget, menang lan kalah gonta-ganti. Dipati Carangsoka njaluk bantuan Majasemi. Adipati Sukmayana mara karo didampingi Singanyindra lan Kuda Suwengi. Ing peperangan kuwi prajurit Crangsoka akėh sing mati, Raden Sukmayana bingung.
Sukmayana :’ Aduh.. adindaku Singanyindra, kuwe waė sing nglawan, aja ngasi kalah”.
Singanyindra :” Inggih Paduka, sekehendak Paduka mawon. Panci kula kapingin maju perang rumiyin”.
Singayindra njaluk pamit karo sukmayana.
Singanyindra :” Hai wong-wong Paranggaruda, kuwe reti aku apa ora. Ya aku Singanyandra. Sapa sing bisa urip nglawan aku. Ayo pada metu lan perang karo aku. Yuyurumpung kuwė barang, tak ajaki kuwe perang ngadu kesaktian”.
Prajurit Paranggaruda wedi krungu tantangane Singanyindra kuwi,
Yuyurumpung :” Astaga kuwe Singanyandra, anak babi alas, kėwan kuwe. Pancen kuwe kuwi anak asu. Biyen kuwė tak kalahkė. Sakiki kuwe wani nantang aku lan wani ngelėk-ngelėk aku ing ngarepku.”
Yuyurumpung maju perang nglawan Singanyindra. Singanyandra terus jupuk tombak, lan nantang Yuyurumpung.
Singanyandra :’Sing ngendi wonge.”(Singanyandra karo ngenyėk)
Yuyurumpung :’Ya, iki pemimpin wong sebelah wetan. Aku Yuyurumpung. Ora ana sing bisa nandingi aku, aku sakti banget. Sapa sing gelem ddi bangkai, ayu majulah perag. Ngendi Singanyandra, cepet maju perang nglawan aku ning kene. Kita ngadu kekuatan awak, ngadu kulit lan darah, lan tulang. Asal kuwe ora mlayu.” Kawit biyen kuwe sing tan goleki”.
Singanyandra langsung nombak Yuyurumpung.
Yuyurumpung :’ayo tombak, pileh kulitku sing tipis iki.
Singanyandra lan Yuyurumpung perange hebat banget. Pada jotos lan pada nombak-nombak. Akhire Yuyurumpung berhasil diikat karo Singanyandra.
Dina wis bengi sing perang pada leren
Yuyurumpung :’(walangkerik lan karo misuh-misuh.) “ hai kewan, asu kuwe perangmu curang, masak wong perang ditaleni. Ayo dicolno”.
Sukmayana :”Kuwi wis adil, kuwi kuwi jahat. Ben dheweke ngrasakno lara.”
Sewengi Yuyurunmpung ditaleni lan dijotosi karo bala tentara, nganti awake aboh lan lara.
Ngerti kedadian kaya ngono kuwi bala Paranggaruda wedi lan mlayu. Singanyandra ngamuk ning Paranggaruda. Lan nantang-nantang dipati Paranggaruda. Reti dheweke ditantang kaya ngono, Yudopati metu.
Yudopati :” Sing ngendi Dipati Carangsoka, ayo metu…perang karo aku. Kuwė mesti mati nglawan aku, amarga kuwe ngapusi aku lan anakku sanggup dadi besan, nanging malahan anakmu docolong karo Sapanyana”.
Handungjaya :” Aku wae sing maju perang, ben bisa dibuktikne sapa sing sakti mandraguna.”
Sondongwekerti:” Ampun Dipati, kula mawon ingkang maju perang”.
Sondongwekrti dilarang karo Puspahandungjaya nanging dheweke ora gubris, dheweke langsung nguncalke tombak. Perange rame banget, gantian kalah lan menang. Akhire Sondongwekerti kalah. Akeh bala tentara Carangsoka sing kalah. Kedadean kaya ngono gawe atine Puspahandung bingung. Sapanyana langsung maju perang nglawan Jasari. Jasari mati lan mayite dibuak ning alas. Dipati Carangsoka arep metu perang nanging dipenging karo Sukmayana.
Sukmayana :’ Aduh…kakanda, paduka ampun nglawan. Kula tesih urip, kula riyin mawon ingkang maju perang”.
Handungjaya :’ Yo wes nek iku sing mbok karepke dinda, muga-muga kuwe menang anggonmu nglawan Yudapati.”
Sukmayana cepet-cepet metu perang.
Yudapati :”Sapa sing arep nglawan aku saiki”.
Sukmayana :’Aku Sukmayana saka Majasemi, ipene Dipati Handungjaya”.
Yudapati langsung nyawate pedang, sehingga Sukmayana tiba lan ora sadar. Ning kana teka Kembangjaya. Sukmayana langsung ditangkap karo Kembangjaya lan digawa mlayu. Yudapati terus dilawan karo Sapanyana.Sapanyana mati, lan Kembangjaya dicegat karo Yudapati. Ning kedadean iku akeh pahlawan saka Carangsoka lan Majasemi sing mati. Kembangjaya wis ora dhuwe tenaga, awake lara kabeh amarga ditombaki karo Yudapati. Akhire Handungjaya jupuk kerise lan maju perang. Nanging tetep wae kalah. Weruh kedadean kaya ngono kuwi Nayagenggong ngrasa welas, langsung ngomong karo Sukmayana.
Nayagenggong:” Aduh paduka, paduka kalah, Dipati handungjaya ugi kalah, Keris rambut niku wenehana karo Kembangjaya, ben kabeh masaalh bisa dibarke”.
Sukmayana langsung menehke keris iku karo Kembangjaya.
Yudapati :”Heh Kembangjaya apa sing mbok gawa, apa kuwe arep nyrunduk aku. Ayo njaluk tulung karo bala-balamu”.
Kembangjaya :”Kuwe ati-ati wae. Njaluk bantuan karo wong tuwamu. Ndhangak mendhuwur lan dhiluk mengisor”.
Yudopati langsung dipedang dadane, terus ning gegere. Yudopati gugup lan ora bisa bales. Akhire Dipati mati lan bala tentarane manut karo Carangsoka lan Majasemi. Yuyurumpung uga wis janji bakal gabung karo Carangsoka lan ora bakal gawe onar maneh. Carangsoka menang, lan rakyate wis makmur. Kembangjaya dinikahke karo Nawangwulan, Kembangjaya diwenehi kekusasaan ning daerah Kemiri. Dipati Handungjaya mati lan kabeh kekuasaane diwenehke karo Kembangjaya sing bergelar Jayakusuma. Negerine makmur lan tentrem. Ora let suwe Carangsoka lan Paranggaruda didakeke siji karo Kembangjoyo dadi Kadipaten Pesantenan.
Kanggo ngatur pemerintahane Kembangjoyo mindahke pusat pemerintahane ing Kemiri lan dhuweni gelar Adipati Jayakusuma ing Pesantenan. Ing pemerintahane Kembangjoyo, rasa keadilan benar-benar diwujudake
Kembangjaya namung dhuweni putra siji sing jenenge raden Tambra. Sakbanjure Kembangjoyo wafat, Raden Tambra diangkat dadi Adipati Pasantenan sing bergelar Adipati Tambranegara. Ing pemerintahane, rakyat urip makmur, tentrem dan sejahtera. Kanggo ngembangke pembangunan Raden Tambra mindah pusat pemerintahane dadi ing desa Koborongan. Jeneng Pesantenna diganti dadi Kadipaten pati. Adipati Tambranegara dhuweni putra jenenge Raden Tanda, Raden Tanda nerusake mimpin Kadipaten Pati. Sakbanjure Raden tanda wafat kekuasaan Kadipaten Pati diterusake karo penggede-penggede yaiku,Ki Gede Jiwanala, Ki Gede Ragawangsa, Ki Gede Plangitan, Ki Gede Jambean. Antarane penggede siji lan sijine urip rukun lan pada Bantu, sehingga rasa tentrem bisa dinikmati karo kabeh rakyat Pati.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: RADEN KEMBANG JAYA bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter