-->

Ads 720 x 90

Geguritan: ARTI WONG JUJUR

Dening : Yoni Ahmad


Ning ndonya paling gampang
Nek ninggalke tugas
Mung bisane alasan
Ora ngerti apa sing diomongke
Jujur dibuwak mbuh ning ngendi
Ucape ngelantur
Mbodhoni kanggo nutupi
Bodhonane kala wingi


Kadhangkala...
Omongan iki bisa mateni raga
Bisa ngrubuhna gedhung dhuwur
Ngrontogna lintang ning langit
Omongan iki landhep kaya peniti
Nyublese langsung tembus
Nganti ning jerone ati

Wong saiki ora ngerti arti kajujuran
Lan ora pengen ngerti
Lan ora bakal ngerti
Semoga artikel Geguritan: ARTI WONG JUJUR bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter