-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: Asal Usul Kota Kudus

Asal Usul Kutha Kudus
Kutha Kudus dadi Pnggonan pamerentah Kabupaten Daerah Tingkat II Kudus ing Propinsi Jawa Tengah, neng jaman niyen ana desa cilik sing dikuwasani Kerajaan Majapait. Nanging padunungane ora wigah banget, kejaba salah sawijine ana panggonan kang dadi utamane lalu lintas ekonomi saka pelabuhan Jepara marang pedalaman Majapait lan sebalike.

Minurut critane, ana desa cilik sing dienggoni pedagang Cina Sun Ging jenenge. Ora naming dedagangan, Sun Ging uga pinter ngukir saengga omahe kebak karo ukiran. Suwe-suwe katrampilan sing mangkono kuwi nganthi kasebar neng Istana Majapait saengga Sun Ging dikongkon ngukir pajangan sing ana keratin. Banjur gaweane kuwi dirampungake kanthi apik, ditakoni Sun Ging neng Raja :
“ Kowe arep njaluk apa saka Majapait ?
“ Nyuwun sewu Paduka, kula kapingi lemah ing kang kula panggoni sakmenika saget kula tanemi aneka werni woh-wohan” .
“ Kenapa kowe malah njaluk kaya kuwi, ora malah emas utawa permata utawa prameswari Majapait sing ayu ? “ Pitakone Raja.
“ Lemah kemawon Paduka, sampun cekap, lemah menika saget dados emas lan permata “
“ Yen mengko kowe ora bias bali neng panggonan leluh umur, apa kowe arep ngabdi neng Majapait ? tembunge Raja karo muji kasetiaane Sun Ging.
“ Menawi dikeparengake, kula purun kemawon Paduka “ wangsulane Sun Ging.
Sawise nrima paweweh saka Raja, karo ati kang seneng dheweke njaluk supaya bisa bali neng ndesane lan bisa ngadhekake paguron ukir. Panjalukane Sun Ging dikabulake Sang Raja, saengga akeh wong sing sinau ngukir. Pungkasan, desa kuwi dadi desa Sunggingan, kajaba asale saka Sun Ging, yen panambungan artine panggonan. Dadine, Sunggingan artine panggonane kaluwarga Sun Ging.
Nanging, ana crita liyane yen Sunggingan kuwi panggonan wong-wong sing nyungging artine nglukis lan ngukir. Neng critane disebutake yen Sunggingan kuwi duweke The Ling Sing, yakuwi pedagang Cina sing biyene jenenge Sun Ging.
Ekonomi desa Sunggingan teru bae bisa mekar sanajan pamerintahan kerajaan Majapait neng Jatim ora ana kabare. Kuwi kabeh dadi perhatiane Raden Patah sing wis bisa ngadekake Kerajaan Islam Demak, bintoro neng Demak sing ora adoh saka desa kuwi.
“ Desa Sunggingan kuwi kutha sing gedhe lan penting cedhake Jepara, sing wis bisa ngembang dadi pelabuhan. Saengga gage prelu diislamke supaya entuk dukungan saka Demak Bintoro, pikire Raden Patah.
Ora suwe banjur diprentahake karo Syekh Ja’far Sodiq, kyai gedhe saka Persia, kanggo ngislamake Sunggingan.
Krungu prentah sing kaya mangkono kuwi Syekh Ja’far Sodiq lunga ning Demak Bintoro marang desa Sunggingan karo santri-santrine. Satibane neng kana ana wawangunanlawang gerbang Kerajaan Majapait sing wis ora diplihara. Kuwi malah dadi, ngei ilham Syekh Ja’far Sodiq kanggo narik simpati masyarakat sing isih nganut agama Hindu.
Awale gerbang utawa gapura kuwi Syekh Ja’far Sodiq ngundhang masyarakat sing ngrungokake ajaran anyar yakuwi Islam. Carane yakuwi nyakralake kewan sapi lanang sing gedhe cedhak gerbang kuwi. Masyarakat dadi kepingin ndhelok kewan kuwi sing dianggep kewan sacral agam Hindu. Saengga yen masyarakat lagi ndhelok digunakan Syekh Ja’far kanggo khotbah agam Islam. Awit ketlatenane Syekh Ja’far, desa Sunggingan dadi nganut agama Islam lan gelare Kyai Telingsing saengga Syekh Ja’far diparabi Sunan Kudus.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Asal Usul Kota Kudus bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter