-->

Ads 720 x 90

🎁 Spesial buat pengunjung Mengenal Budaya Jawa, akan ada yang spesial dalam 5 detik...

Teks Serat Candrarini II

Sinom

Kang hagnya gita Srinata / ing Surakarta nagari / Paku Buwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadil akir wulan / kang nĂȘmbe sangkaleng warsi / miyarsakna trusing kang sabda Narendra

Liring kang wiyata harja / ujar ugĂȘring pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / manjĂȘrnih mardi weni / wewinda ganda rum arum / umarah ngadu warna / winor ing nayana manis / mangesthiya ing reh cumodhong ing karsa

Awit jenenging wanodya / pĂȘgat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangun teki / kang badhar subratanipun / punggĂȘl kasĂȘlan cipta / marma sagunging pawestri / marsudiya wadadaning palakrama

Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lĂȘlima ayu linuwih / tiga putraning aji / kang kalih atmajeng wiku / pantĂȘs dadya tuladha / estri kang kanggep ing krami / winursita dyah lima candraning warna

Kang sepuh Wara Sembadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngrĂȘsĂȘpkĂȘn ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / sĂȘmu kurang budaya / awijang dedeg rĂȘspati / kuning wĂȘnĂȘs labate amung kĂȘpama

Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jatmika arang ngandika / tan rĂȘgu sĂȘmune manis / ririh tanduking angling / lumuh ing wicara sĂȘndhu / amot mĂȘngku aksama / tuhune pribadi pinrih / sĂȘtyeng priya datan lĂȘnggana sakarsa

Mring maru kadi sudara / rumĂȘsĂȘp tan walang ati / sanadyan kurang budaya / lĂȘgawa anrus ing batin / winowong widadari / labĂȘt kadang ira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamĂȘngkune sĂȘmu ering / maru nira anggĂȘpe sami nyuwita

Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresna nira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil / kapisah panggenanipun /
mila tansah anduta / wau Sang narendra kalih / tanya warta mring Sang RĂȘtna Madubrangta

Dhandhanggula

Garwa ing kang panĂȘnggak winarni / apĂȘparab Dewi Manuhara / saking patapan wijile / putranira Sang Wiku / Manikara ingkang palinggih / Wukir Tirtakawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wĂȘwangunan / netra jait antĂȘng pamuluna manis / yen paes mimbuh endah

Nadyan ngusud yĂȘkti maksih manis / wanda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa angunguwung / kuning wĂȘnĂȘs asĂȘmu wilis / lir myang pudhak sinurat / katon warnanipun / tanpa apĂȘpindhanira / andakara kataweng ing ima nipis / ruma myang amradipta

Ayunari ingkang sitarĂȘsmi / kuciwane pan among samatra / dene lugas gĂȘgĂȘlunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping srandunung dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungnira satata amilagoni / kadya sĂȘkar kintaka

Lathi dhamis anggula sathĂȘmlik / rĂȘkta kadya kang manggis karĂȘngat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rĂȘntĂȘt rampak ing pucuk kuning / lumirat wor wicara / wĂȘh kesar kang dulu / sarwa lus sasolahira / yen amesĂȘm iriban arang kaeksi / sinamun pangandika

TĂȘmbung arum rumakĂȘt amanis / tandukira angĂȘngayuh driya / bias nuju ing karsane / priya myang marunipun / pina pangkas dennya nglĂȘgani / susila anoraga / sĂȘpi ing piangkuh / anget trahing dwijawara / bĂȘtah nglapa karĂȘm ing bangsa mastuti / asmara mring sasm

Asmaradana

PanĂȘngah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / BĂȘgawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah rĂȘspati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika

DhemĂȘs luwĂȘs mĂȘrak ati / kadya pratima rinĂȘngga / sarĂȘntĂȘg brambang awake / maweh brangta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pĂȘgat maesmu guyu / kengis kang waja gumĂȘbyar

AntĂȘnge wĂȘkasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantĂȘs yen amathĂȘt lambe / ngiras mintonakĂȘm waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana

Jaja wĂȘlar wĂȘwĂȘg isi / gĂȘmuh ingkang payudara / parigĂȘl patrap solahe / kewĂȘs wĂȘdaling wicara / tinut liringing netya / tandang tanduke rumĂȘngkuh / mring priya myang marunira

Bias cawis amgladeni / kang dadi karĂȘming priya / myang putra cethi sĂȘdene / marma wong sa Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa

Mijil

Garwanira Sang parta sumĂȘndhi / ingkang cinariyos / RĂȘtna Gandawati kĂȘkasihe / Sri Harjunayana kang sĂȘsiwi / nateng SriwĂȘdari / ing warna pinujul

DĂȘdĂȘg ngrompyoh sarira anglĂȘntrih / amardawa tinon / kuning wĂȘnĂȘs wingit pasĂȘmone / antĂȘng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujĂȘngipun

Rema mĂȘmak ngĂȘndrawila wilis / rĂȘrompyoh kang sinom / jangga lumung wĂȘlar prajanane / maya-maya lir cĂȘngkir piningit / anggĂȘndewa gadhing / wijang baunipun

Wiragane ana nanging brangti / yen lumampah alon / mĂȘmbat madya alĂȘmĂȘs lambunge / angler tunjung / lumĂȘnggang ing warih / kasilir ing angin / weh gandaning rum

Susilengtyas sunawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sĂȘsikune / winĂȘweka winoran mĂȘmanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum

Wasis salir pakaryaning estri / rerates kokonyoh / widadari Sang Dyah pagurone / winulangkĂȘn mring marune sami / mrih dadiya kanthi / ngladosi mring kakung

Kinanthi

Garwa kang pamĂȘkasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari CĂȘmpala / raja ingkang asĂȘsiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih

JĂȘnar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasongka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / dhemĂȘs dĂȘdĂȘge rĂȘspati

Gandhang kang wicara tanduk / gandhĂȘs kewĂȘs ngalayoni / tulus raharja ing driya / kalamun slanggapan angling / datan mawi tininggalan / sinambi ngliling dariji

Among lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh asmu guyunira / gumĂȘbyar kang waja kengis

Narawang lit thatit tarung / tumĂȘmpyuh sumyur ngĂȘnani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang sang putri Cempala / Sang Parta sandeya nangkil

Lawan sukaning Sang Ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brĂȘbĂȘgi / kenyut sang gya kang miyarsa / yen sampun den wursitani

Bangkit pantes lan memangun / jumbuh ibkabg busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlĂȘnge tan pindha karya / dadya tuladhaning estri

Miwah marang para maru / rinasuk dipunslondhohi / nora keguh rinĂȘngonan / gopyak-gapyuk den srowali / dadya nora bisa duka / lĂȘjar lumuntur ingkang sih

Puwara momong angungung / marang Sang RĂȘtna Srikandhi / tuwin rising Danajaya / antuk babah denira sih / nanging Sang RĂȘtna CĂȘmpala / tangeh yen agĂȘng kang kalih

Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira malĂȘsi / bĂȘkti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamujunge sabĂȘn dina / sakarsane den turuti

Yeka caritaning dangu / estri kang kanggep ing krami / nalikaning jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pirinida / pakolehe pinarsudi

Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladhan / buwang caraning dumadi / bokmanawa tibeng papa / ina lupute pribadiyat

Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / saha maha prameng lukita / sarta tanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat Candrarini
Semoga artikel Teks Serat Candrarini II bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

There is no other posts in this category.

Posting Komentar

Baca Artikel Informasi Lainnya

  • Memuat artikel...
Subscribe Our Newsletter