-->

Ads 720 x 90

SUNAN KATONG LAN PAKUWOJO

ASALE JENENG KENDAL
               
                Bhatara Katong utawa Sunan Katong lan rombongane teka ing Kaliwungu, ing Gunung Penjolr utawa ing Gunung Telapak Kuntul Melayang. Rombongan kuwi antarane Ten Koe Pen Jian Lien, Han Bie Yan, lan Raden Panggung. Ing crita tutur utawa crita rakyat tokoh-tokoh kuwi mau dijaluki Teluk penjalin, kyai Gembyang lan wali Joko. Ratakake agama Islam ing Kaliwungu lan sekitare ora ana alangane. Banjur mlebu tlatah ngulon, ana tokoh agama Hindu/Budha, yaiku manten Pejabat Tinggi Kadipaten ing ngisor kerajaan Majapahit kanggo wilayah Kendal utawa Kaliwungu sing jenenge Suromenggolo utawa Empu Pakuwojo.
                Suromenggolo utawa Empu Pakuwojo ing crita tutur, dheweke wong dhuwur Majapahit lan Resi. Supaya nganut agama Islam ora bakal carane mbujuk Pakuwojo. Amarga dheweke krasa duwe keluwihan, amarga diwujudi karol adu kekuwatan.
                Mupakati lan panjalukake gawe tandingan “ seumpama Sunan Katong sanggup ngalahake, mula dhweke gelem melu ajarane utawa melu agama Islam. Lan dadi muride Sunan Katong” pola adu kekuwatan dadi budaya wong-wong biyen.
                Adu katimbangan kuwi Pakuwojo direwangi karo kancane lan sadulure lawan tetimbangan kuwi gawe geger lan rame banget. Adu taruan wong-wong sakti kaya Pakuwojo lan Sunan Katong, sakliyane adu raga kaya mengkana adu kakuwatan bathin. Pakuwojo ora tau menang lan dheweke kudu mlayu carane yaiku ngumpet. Pikirane dheweke, Sunan Katong ora bakal ngonangi.
                Pakuwojo ngumpet ing wit gedhe sing ana luwangane, karepe Sunan Katong ora bakal ngonangi tapi Sunan Katong bakal bisa ngonangi Pakuwojo, Pakuwojo banjur nyerah.
                Janjine Pakuwojo ngucapake rong ukara Sahadat gawe tandha mlebu Islam. Sunan Katong njenengi wit sing gedhe sing digawe ngumpet Pakuwojo dijenengi Pohon Kendal utawa wit Kandal, sing artine penerang. Ing pnggonan kuwi mau Pakuwojo maleh jembar atine lan pikirane terang lan mlebu Islam. Kali sing kanggo adu kekuwatan tokoh-tokoh kae Sunan Katong lan Pakuwojo dijenengi Kali utawa Sungai Kendal yaiku kali sing misahake kutha Kendal nggone ing ngarep masjid Kendal. Akeh sing wong nyebut empu Pakuwojo dene saiki Sunan Katong nyebut Pangeran Pakuwojo, amarga dheweke wong gedhe saka Majapahit, sakuwise kuwi dheweke marang ing padepokan sing nggone ing Gunung Sentir, lan dadi murid Sunan Katong dituruti apik-apik.
                Pohon Kendal disebut Kendalsari isih ana katrangan liya sing hubungane karo sebutan Kendal, yaiku Kendal saka ukara Kendal Pura. Dideleng saka jenenge, Kedal Pura iki ana kaitanne saka agama Hindu, sing katrangane agama Hindu uwis ana mlebu tlatah Kendal.
                Ana katrangane maneh Kendal saka ukurane kang dadi utawa Kantali. Sebutan kuwi sebutanne wong-wong cina, hubungane karo temuake arca ing Kendal. Sing candi-candi kuwi mau umure luwih tuwa tinimbang candi Borobudur lan candi Prambanan. Tapi masyarakat luwih percaya karo tulisan Babat Tanah Jawi, sing nerangake Kendal asale saka wit sing jenenge Pohon Kendal utawa wit Kendal.
                Amerga dingerteni Sunan Katong lan Pakuwojo sing oleh dukungan sak Pangeran Benowo, sakliyane kuwi tulisan-tulisan dukungan liyane ana ing Universitas Leiden, Belanda yaiku Perguruan Tinggi utawa sekolah dhuwur, sing terkenal sing akeh nyimpen tulisan sejarah jawa. Crita-crita sing nerangake Sunan Katong lan Pakuwojo mati bareng ( Sampyuh ).
                Ing wektu Teluk Penjalin kena Sabetan keris saka Pakuwojo lan mati tiniba jasad Teluk Penjalin ilang lan sakuwise metu keris, lan keris kuwi bisa ngomong lan diwenehi ngerti karo Sunan Katong, crita saiki cara harfiyah dadi ora cetha tuturanne.
Semoga artikel SUNAN KATONG LAN PAKUWOJO bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter