-->

Ads 720 x 90

Geguritan: ORA SALAH, ORA NYESEL

Dening : Yoni Ahmad


Tik…tik…, rintik tumitik ning telampik
Bres..bres.., udane tambah deres
Kaya-kaya megat dalanku
Banter angine malangkerik nantang niatku
Peteng langite nambahi peteng atiku
Niat sing wus dak bendhung gemunung
Saka kuciwane ati salah ing jati
Sing dak kira nyasar kala wingi
Agawe ambyar lamunku
Nanging niat wus dak ongkek
Pring sing mbengkong wus dak eluk
Tak iket, tak dhadhung ngadeg jejer
Saikine dadi pancer lan keker


Nanging kenangapa pring sing keker ndadak mlepes
Apa biyen nali nalika isih teles
Apa pancen wus jatahe mlepes, lan saiki dadi lemes
Semono uga niat ing jero iki
Bles-bles…, tambah ambles
Nalika keprungu suwara-suwara panyarta
Yen pring iki bakal ora migunani
Mung ngrerusuhi resike piwucalan
Nanging aku percaya yen aku bisa
Yen pring sing wus dak pilih iki ora salah
Lan aku bakal bisa mujudke apa kekarepku
Lan mbektekake
Yen sing wus dak pilih iki ora salah
Ora salah nyemplung
Semoga artikel Geguritan: ORA SALAH, ORA NYESEL bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter