-->

Ads 720 x 90

Geguritan: NINGGAL ILMU

Dening : Yoni Ahmad


Golek ilmu kuwi…
Adus, dandan mlithit sangu buku sing kandel
fotokopinan, lungguhe ning ngarep
tembok paling mburi, karo ngrungokake
lagu ning MP3-ne, disambi diskusi
gojegan, sing ora penting ditinggal
turu, bubar langsung balik ora nganggo mampir
omah, langsung mbacut
kluyuran,


Golek ilmu kuwi…
bocahe mesthi sregep
mbolos, setengah jam mangkat
sakwise sing mulang, tugas dikerjakake
kancane, luwih apik nek diketik
ngopi dhuwekke kancane, nek ana buku mesthi
males tukune, nek pulsa mesthi males
tuku sithik-sithik, pancen golek ilmu kuwi gampang
ditinggalke
Semoga artikel Geguritan: NINGGAL ILMU bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter