-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: Mula Bukane Sragen, Awal Mula Kota Sragen

Pemberontakan Cina sing dipimpin dening Sunan Kuning utawa Raden Mas Garendi marahi Paku Buwana II pilih lunga neng Pacitan. Salah sijine senopati Kartasura sing jenenge Tumenggung Alap-Alap oleh wangsit lewat ngimpi. Neng ngimpine iku, Tumenggung Alap-Alap ditekani pawongan.
“Hey Tumenggung, iki ana telung pusaka, tebok (wadah sega), lumbung pring, karo tongkat. Telung pusaka iki gawanen lunga saka Kartasura kene. Besok nek wis tekan titi wancine, pusaka telu iki kudu mbok wenehke karo Pangeran Mangkubumi nalika ana perang gedhe”.
Tumenggung Alap-Alap kaget nalika dheweke tangi, pusaka telu iku wis ana neng cedhake. Tumenggung Alap-Alap banjur lunga mengetan saka Kartasura.

Tekan desa Kranggan, Tumenggung Alap-Alap rumangsa betah, lan akhire milih manggon neng kana dadi kyai, lan njenengi awake dhewe dadi Kyai Srenggi.
Wis sauntara wektu Kraton Kartasura pindhah neng Surakarta. Wektu semana Pangeran Mangkubumi ora seneng karo Patih Pringgalaya sing mbelani Kompeni (Walanda). Akhire Pangeran Mangkubumi milih lunga saka Kraton, sangu duit 2000 real saka Sunan Paku Buwana II. Pangeran Mangkubumi lunga lewat Jebres menyang Tanan Bang Wetan.
Neng Tanan Bang Wetan, Pangeran Mangkubumi oleh simpatik saka warga. Akeh warga sing padha dilatih dadi prajurit sing kuat kanggo nglawan Walanda. Ananging Pangeran Mangkubumi kepeksa mundur amarga prajurite wiwit ora kuwat, amarga kentekan pangan. Pangeran Mangkubumi lan prajurit akhire tekan desa Kranggan. Neng kana tibake Pangeran Mangkubumi wis ditunggu-tunggu dening Kyai Srenggi.
Kyai Srenggi memelas ngingeti kahanan Pangeran Mangkubumi lan prajurite.

“Mangga Pangeran Mangkubumi, pinarak mlebet. Dhahar rumiyin sakwontenne”, omonge Kyai Srenggi.
Para Prajurit dikon mangan panganan sing wis dicepakake. Kanggo Pangeran Mangkubumi, Kyai Srenggi wis nyiapke sega lawuh pecel lan iwak pitik sing diwadahi tebok, lan legen sing diwadahi lumbung pring, banjur nyerahke pusaka sing keri dhewe, yaiku tongkat. Kyai Srenggi nyritakake wangsit sing ditampa pirang taun kepungkur.

“Nyuwunsewu Pangeran, kala rumiyin, dalem nate pikantuk wangsit lewat ngimpi menawi dalem dipun peseni njagi tigang pusaka ingkang samenika dalem kangge wadah dhaharanipun panjenengan, Pangeran”, mature Kyai Srenggi.
“Kyai, aku maturnuwun banget, njenengan wis nulungi aku sak prajuritku”.
“Dalem naming nglampahi amanat saking Gusti, Pangeran”, wangsulani Kyai Srenggi.
“Saiki aku wis ngerti maksude kabeh panganan sing mbok suguhke nganggo pusaka-pusaka iki. Mula kuwi, Kyai lan kabeh sing neng kene tak jaluk dadi seksi, yen panggonan iki tak jenengke Sragen”.
“Sragen, Gusti?”, pitakone kabeh wong sing neng kana.
“Iya, Sragen. Panggonan iki tak jenengke Sragen amarga neng kne iki Kyai Srenggi wis masrahke telung pusaka lan menehi aku legen” Pangeran Mangkubumi njelaske.
Wiwit iku, panggonan (desa) sing dienggoni Kyai Srenggi ganti jeneng dadi dukuh Sragen ( Gathukane tembung srah, saka pasrah, lan gen saka legen).
***
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Mula Bukane Sragen, Awal Mula Kota Sragen bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter