-->

Ads 720 x 90

Geguritan: MLEBU ORA METU-METU

Dening : Yoni Ahmad


Tumekane laku nganti ing pawiyatan inggil kanti niat lan eluh
Oklak-aklik sikile ngalor-ngidul luru duwit
Demen karo dalane, temen karo niate
Nanging lelakon kanti niat sing temenan
Isih kalah karo dluwang saklembar gambar kembang karo sirah
Ya abang, ya ijo, ya biru...

Nggawe wong-wong dhuwur kae padha obah mripate
Ora ngerti apa kang dirasakake wong-wong cilik iki
Dluwange mabur, ilmune dadi ngawur, akhire nganggur
Babon sithik dijejeli anak-anak akeh
Kedadeyan piwulangan mosak-masik bingung arep dikapake
Ethok-ethok sugat pangan lawuh warna-warni
Nanging dingel-ngel tiba mburine
Ngene salah, ngono salah
Pangan ora sida dijupuk
Pancen mlepuk.
Akeh mlebu
Ora ana
Metu
Semoga artikel Geguritan: MLEBU ORA METU-METU bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter