-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: Legenda Kali Taun Purbalingga



Terjadinya Kali Taun di Desa Karanggambas Purbalingga

Ana ing salah sijining dina desa kang panggone ora adoh saka gunung Slamet, duweni keunikan alam. Keunikan kasebut yaiku anane kali ing Desa Karanggambas, kang mili suwene setaun lan asat suwene pada setaun. Miturut critane saka atusan taun kapungkur, sesepuh desa kasebut jenenge Eyang Sarantaka. Eyang Sarantaka duweni sifat kang luhur, sabar, tulung tinulung lan ramah. Eyang Sarantaka diajeni kabeh penduduk desa kasebut, amerga kepinterane, akeh wong kang pada njaluk tamba, njaluk petunjuk urip lan liya-liyane. Kabeh wong diajari tata cara kang apik lan bener miturut agama Allah.


Ana ing sawijineng dina, ing wayah ketiga wong-wong ing Desa Karanggambas kekurangan banyu, amerga kali kabeh pada asat, wong-wong pada bingung, luwih-luwih ana ing daerah lor karo daerah tengah. Kabeh kali sing ana ing daerah wetan pada asat, wektu kuwi kabeh wong kelingan karo sesepuh Eyang Sarantaka wong-wong kuwi sepakat njaluk pitulungane. “ Lha kepriwe kiye kaline pada asat kabeh” tutur warga sing pertama weruh yen kaline ora ana banyune. Banjur ana warga ing mangsuli “lha mbuh nyong ya bingung”.
Warga pada ngersulah kabeh amarga ora ana banyu, kabeh kali nang daerah kana pada asat. Ora ganti suwe ana warga sing ngusulake nemoni Eyang Sarantaka.amarga Eyang Sarantaka kuwi salah sijine sesepuh ing desa kana.
“‘ Eh, kabeh warga Karanggambas rungokna. Kepriwe carane ben kali nang kene ana banyune maning kaya maune. Mayuh dewek pada nemoni Eyang Sarantaka bae, priwen?”
‘‘ Ya…ya… dewek pada njaluk tulung karo Eyang Sarantaka”.
Para warga pada setuju banjur pada mangkat marang omahe Eyang Sarantaka. Kabeh warga nemoni Eyang Sarantaka ngomong supaya desa ora kekurangan banyu maneh. Banjur wi tekan nang omahe Eyang Sarantaka para warga langsung pada ngomong apa sing dikarepna.
“ nyuwun ngapunten Eyang, sedaya lepen wonten daerah ler kaliyan tengah asat babar blas boten wonten toyane. Kula para warga badhe nyuwun tulung supados Eyang ingkang ngrampungake masalah menika”.
Banjur Eyang mangsuli “ ya, sabar Nyong tak semedi disit, njaluk petunjuk marang sing gawe urip. Muga-muga et diwenehi wangsit”.
“ nggih mbah, maturnuwun”. para warga mangsuli pituture Enyang.
Eyang Sarantaka akhire emedi njaluk petunjuk karo sang Pencipta. Ara let suwe desa mau maleh dadi tentrem, banjur Eyang Sarantaka entok wangsit sing bisa gawe desa kuwi ora kekeringan yaiku tongkat sakti. Banjur kabeh warga diajak menyang pusat desa Karanggambas banjur kabeh warga diajak sembayang sak wise sembayang Eyang Sarantaka nancep ake tongkat ing lemah, sakwise tongkat di jabut langsung metu banyu sing akeh banget lan mili menyang kali sing asat mau. Sak wise banyu kuwi mau wis metu para warga banjur berterimakasih karo Eyang Sarantaka. Sakwise ana banyu warga urung puas iseh njaluk iwak-iwak kang mili ana ing aliran banyu kuwi. Banjur kabeh warga nemoni Eyang Sarantaka.” Eyang kula sedaya badhe nyuwun supados lepen menika dipunparingi ulam ingkang kathah. Supados warga saged ngraosaken toya lan ulam wonten lepen menika”.
Eyang Sarantaka mangsuli yen sanggup mujudake kapengene warga. “ya, muga-muga gusti Allah ngbulake apa sing dikarepake kowe-kowe pada”.
Sakwise ditemoni warga,wayah bengi anggoro kasih Eyang nemoni jin penunggu Gua Belis ana ing kali Ponggawa. Jarene jin kuwi kang nguasai iwak sing jumlahe akeh nang daerah gua kuwi. Sakwise ngomong kekarepane,Eyang diwenehi kabeh iwak lele kang ana ing gua kuwi.malah raja lele sing nduweni jeneng Truna Lele ya melu diwenehna.
Bengi anggara kasih kuwi.ujug-ujug ana keanehan, ana warga sing weruh ewunan iwak lele kang lagi ngliwati dalan nang kali sing anyar. Wayah isuk warga sing bengine ngerti keanehan kuwi nycritakake marang warga liyane.berita kuwi langsung nyebar nangendi-ngendi,lan warga pada teka rame-rame nonton ewonan iwak lele. Akeh warga sing pada mincing,rebutan iwak nganti pada padu,gelutan, amerga wargane ora ana sing gelem ngalah.warga pada seneng goleki iwak nganti raja lele iso kecekel nang bocah cilik lan digawa balik. Saking senenge bocah kuwi crita karo kanca-kancane lan ngajak kanca-kancane kuwi nonton iwak lele. Anehe iwak kuwi yaiku wujude ndas lele nanging awake ora ana daginge amung aken rine. Bengine Trun lele kuwi lunga saka priuk kanggo wadah lele kuwi mau.banjur lunga menyang kali lan ngajak kanca-kancane bali menyang Kedung Belis asal panggone iwak lele mau.
Isuke para warga pada geger amerga iwake wis pada ilang kabeh, banjur para warga pada lapor karo Eyang Sarantaka. Kenapa iwak-iwak kuwi pada ilang banjur njaluk dibaleke maneh kaya maune,eyang Sarantaka nyanggupi lan ora ganti suwi kali kuwi dadi esat maneh banjur teka sekelompok putri. Para warga kaget lan pada meneng kabeh.
Eyang Sarantaka ngendika yen para warga ora pernah ngrasa puas,aja nganti Gusti Allah murka lan ngudunake kutukan.” Para warga karanggambas aja sepisan-pisan kowe pada murka,ora puas karo kahanan sing ana,aja nganti Gusti Allah murka karo kowe-kowe padha”.
Muga-muga Allah ngabulake apa sing dikarepke warga yaiku kali kuwi mili banyune saksuwene setaun sepisan lan asat setaun sepisan lan sakteruse. Banjur kali kuwi dijnengi Kali Taun. Ora ganti suwe Eyang Sarantaka seda lan disarekake ana ing cedhak umahe sing saiki dadi pesarehan Desa Karanggambas, Kec. Padamara lan anehe maneh kadang-kadang ana iwak lele nang pesarehan kuwi, nyatane nang kana ora ana kali.Iwak lele mau pada seneng amarga desa kuwi kena kutukan amarga sifate para warga sing ora puas karo kahanan sing sak benere, kudune warga bisa nampa kahanan apanane. Mensyukuri apa sing diparingi Gusti Allah .

Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Legenda Kali Taun Purbalingga bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter