-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: Kakawin Ramayana

Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbbasaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak. Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara.

Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami Dwi Sita. Lajeng para pasarta dipunkn ngrentangaken gandhwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sita. Mboten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya. Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun lar mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sans ibu Rama sanjang menawi sri paduka nat ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancn nat janji mekaten. Lajeng Rama, Sita kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata sda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: paduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun. Lajeng Rama, Sita saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rawana.
Piyambakipun saged mbujuki saha ngekn Rawana nyulik Sita kaliyan ngepk dados smahipun. Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kangg nyulik Sita. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang ndhah. Sita katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan wah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekn Laksamana madosi.
Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepk piyambakipun. Wusananipun Sita dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana. Jeritanipun sang Sita karungu dning peksi sang Jatayu ingkang nat dados rncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sita. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sita dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rawana.
Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rawana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik smahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng smahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih snapatinipun Hanuman, satunggiling kethk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbbasaken Sita. Sita saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja. Kakawin Ramaya .a punika kakawin ingkang isinipun wiracarita Ramayana. Kakawin punika dipunserat mawi basa Jawa Kina, dipunidhep para pakar dipundamel ing Jawa Tengah pungkasan abad kaping 9 M, kirang langkung kiwa tengenipun taun 870.

Kajupuk saking http://jv.wikipedia.org/wiki
Katrangan: Karangan menika saged dipunwastani narasi amargi nyariossaken kedadosan ing jaman Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Kakawin Ramayana bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter