-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: HARI JADI KABUPATEN PATI

Keris Rambut Pinutung dan Kuluk Kaniraga yaiku lambang kekuasaan lan kekuatan iya kuwi simbul kekuasaan lan kekuatan. Jaman semana sapa wae sing duweni pusaka kuwi, bakal bisa nguasani pamerintah ing Pulau Jawa. Sing duweni 2 pusaka mau yaiku Raden Sukmayana panggede Majasemi andalan Kadipaten Carangsoka.Arep pungkasaning abad XIII sekitar tahun 1292 Masehi ing Pulau Jawa panguasa pemerintahan sing duweni wibawa pada leren. Wiwit kuwi kerajaan Pajajaran bubruh, kerajaan Singasari surut, lan kerjaan Majapahit durung ngadek.
Ing Pante lor Pulau Jawa Tengah sekitar Gunung Muria bagian wetan metu panguasa sing ngangkat awake dhewe dadi adipati, wilayah kekuasaane mau diarani Kadipaten.


Loro panguwasa sing ana ing wilayah kuwi yaiku:
  1. panguwasa Kadipaten Paranggaruda, Adipatine asmane “Yudhapati”, wilayah kekuasaane yaiku kali Juwana ngetan, nganti pegunungan Gamping Lor dibatesi karo Kabupaten Grobogan. Duweni anak asmane Raden Jasari.
  2. panguwasa Kadipaten Carangsoka, Adipatine asmane “Puspa Andungjaya”, wilayah kekuasaane lor kali Juwana nganti pantai utara Jawa Tengah bagian wetan. Adipati Carangsoka duweni putri asmane Rara Rayungwulan.


Kadipaten Carangsoka lan Paranggaruda urip tentrem dan sejahtera saengga kanggo nglestarikake hubungan mau kaloro Adipati mau sepakat nikahake putra-putrinipun. Putri Rararaynugwulan gelem dinikahake nanging jaluk bebana supayaing boja wiwahe daup dimeriahake karo Dhalang Sapanyana. Saka panjaluke putrine mau Adipati Paranggaruda mrintah Yuyurumpung agul-agule Paranggaruda supaya goleki Sapanyana. Nanging sakdurunge ngayahi tugase, Yuyurumpung duweni niat nglumpuhake Carangsoka lan ngrebut pusakane Sukamajaya. Yuyurumpung direwangi karo Sondong Majerukan. Usahane sempat kasil nanging direbut meneh dening Sondong Makerti. Pusaka mau dibalekke meneh marang Raden Sukmayana.
Gandheng kaya ngana, Yuyurumpung kasil nggolekake Dhalang Sapanyana. Upacara pernikahane gagal total amarga Rara Rayungwulan mlayu karo Sapanyana. Wiwit kadadean kuwi Kadipaten Paranggaruda musuhan karo Kadipaten Carangsoka lan dadikake perang. Perang Carangsoka dipimpin kaliyan Sukmayana nanging ngalami kekalahan nganti Sukmayana wafat. Perang diterusaka karo adik kandunge Sukmayana yaiku Kembangjaya direwangi Dhalang Sapanyana. Awit dipimpin Kembangjaya lan Sapanyana Carangsoka bisa ngalahake Kadipaten Paranggaruda., Yudhapati lan putrane tewas.
Saka jasane kuwi Kembangjaya dinikahake karo Rara Rayungwulan lan diangkat pengganti Carangsoka. Dene Sapanyana diangkat dadi Patih kanthi julukan Singasari.
Adipati Raden Kembangjaya mindahake pusat pemerintahane saka Carangsoka ing Desa Kemiri diganti nganggo jeneng “Kadipaten Pesantenan” kanthi julukan Adipati Jayakusuma ing Pesantenan. Adipati Jayakusuma nggadahahi setunggal putra yaiku “ Raden Tambra “. Sakwise ramane wafat, Raden Tambra diangkat dadi Adipati Pesantenan, kanthi gelar “Adipati Tambranegara”.
Adipati Tombronegara nagyahi tugas pemerintahane kanthi arif lan bijaksana. Dadi songsong agung sing merhatekake rakyate, sarto dadi pengayom hamba sahayane. Kauripan rakyate urip kanthi rukun, damai, tenang lan sejahtera.
Kanggo ngembangake pembangunan lan majukake Pemerintahan ing wilayah Adipati Raden Tambranegara mindahake pusat pemerintahan Kadipaten Pesantenan sing semula ana ing desa Kemiri tumuju ngulon yaiku ing desa Kaborongan, lan ngganti jeneng Kadipati Pesantenan dadi Kadipaten Pati.
Raden Tambranegara Adipati Pati turut rawuh ana ing pisowanan agung ing Majapahit. Pisowanan agung sing dirawuhi dening Raden Tambranegara ing Majapahit ing tanggal 13 Desember 1323, mula diperkirakake pindahe Kadipaten Pesantenan saka Desa Kemiri ing Desa Kaborongan lan dadi Kabupaten Pati iku diperkirakake ing wulan Juli lan Agustus 1323 ( Masehi). Ana telung tanggal sing apik ing wulan Juli lan Agustus 1323 yaiku : 3 Juli, 7 Agustus lan 14 Agustus1323.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: HARI JADI KABUPATEN PATI bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter