-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: Dewi Rayungwulan

Kawontenan abad ingkang sampun kepungkur, wonten ing sakiwa tengene Gunung Muria ing sisih pojok kidul ngadek kadipaten. Wonten ing Jawa Tengah ing Kota Pati Semarang. Asma Kadipaten menika Carangsoka. Daerah menika subur makmur. Warga urip kanthi ayem tentrem. Tanah lan wilayah Carangsoka menika kawiwitan saking kali juwana ngantos pesisir lor Jawa Tengah sisih etan.
Ingkang anggadhahi tahta inggih menika Raden Puspahandungjaya. Deweke adhipati ingkang arif lan wijaksana, sahingga para warga sami tresna. Adhipati Puspahandungjaya anggadhahi garwa ingkang anggun, setia lan tuhu sarta bekthi marang garwa, ingkang kasebat dadhos Sang Prameswari.


Ing lumampahe pamerintahan Adipati Puspahandungjaya dipun dukung kalihan para punggawa kadipaten Carangsoka. Sedhaya padha temen ngabekthi lan tanggungjawab, disiplin ugi jujur. Para Punggawa Carangsoka inggih menika : Ki Ageng singapadu ing Dusun Nguren dhados Patih ngerangkep jaksa, Raden Sukmayana dhados yakuwi panguwosa wilayah Majasemi, Kembangjaya ing Bantengan Trangkil Dhados ahli siasat perang ingkan dipun segani, Sondong Makerti ing Wedarijaksa inggih menika prajurit ingkang ahli pencak, lan Singanyitra yakuwi prajurit kapilih ing Kadipaten Carangsoka.
Adipati Puspahandungjaya lan para Sang Prameswari padha seneng. Apa maneh sawuse entuk kanugrahan momongan putri sing praupanipun ayu, ingkang dipun asmani Dyah Ayu Dewi Rayungwulan.

Dewi Rayungwulan umuripun sampun jangkep remaja, peraupan ayu menika cemlorong, wicaranipun santun, ugi tumindhakipun sopan sahingga andhadosi Buah Bibir warga ing Kadipaten Carangsoka, lan agawe guneman para adipati sarta pangeran saking kadipaten –kadipaten tatanggi.
Nalika Dewi Rayungwulan sampun dewasa, para pangeran saking tatanggi kadipaten anggadhahi kekarepan arep nyunting. Sedhaya phadha kepinging entuk wekdhal kangga minang. Nanging amargi pengaruh sang Adipati Puspahandungjaya sing anggadhahi wibowa, ora sembarang pangeran wanton anggone nembung. Kawicanten pangeran Josari putra mbarep Adipati Yudapati saking kadipaten Paranggaruda.

Kadorong rasa kang temen kangge minang Dewi Rayungwulan kangge dipunjodhokake kaliyan Pangeran Josari, sang Adipati Yodapati ngutus patih singapati kaliyan para demang mbentuk rombongan budal menyang Kadipaten Carangsoka ugi mbetho emas, intan, dan sandang ingkan bagus supadhos tandha pinangan. Sedhaya dipun trima kanti ramah lan luma dhening Adipati Puspahandungjaya. Para utusan krasa seneng ing panampinipun ingkang tulus. Suwasana Kadipaten Carangsoka asri banget, bila dipun bangdingke kaliyan suwasana ing Paranggaruda.
Patih Singapati ngendhikan punapa kahanane yakuwi pingin minang Dewi Rayungwulan ing badhe dijodokake kaliyang pangeran Josari Putra mahkota Kadipaten Paranggaruda. Sepadhos adipati tiyang ingkang bijaksana, pinangan ingkang saking Kadipaten Paranggaruda mboten langsung dipun terima, namun keputusanipun wonten ing puitrinipun. Amargi ingkang anggadhahi hak ingkang menehi jawaban inggih menika Dewi Ruyungwulan. Adipati Puspahandungjaya nyumanggakake patih Singapati sarta tamu ingkang benten dipun sumanggakake leren wonten ing panggenan ingkang sampun dipun sediayakake. Sang Adipati njaluk wektu sedino sewengi kangge nemtukake kaputusan saking putri menika.
Dewi Rayungwulan ketingal mindher lan tegang. Dewekke bingung banget, ketingal cetha banget saking peraupane. Dewi rayungwulan ora cepet nanggepi punapa ingkang dipun karepake tiyang sepuh menika, amargi ing njerune ati sang Putri ora bisa nerima pinanganipun. Dewi Rayungwulan ora andhuweni kekarepan kaliyan wong lanang ingkang andhuweni laku kang ora becik.

Miturut para Sumber ingkang saget dipun percaya Pangeran Josari anggadhahi cacat fisik watak ingkang sombong ugi congkak. Ing saben dinten isine mung seneng-seneng mung ngentekake dhunyane Negara, sami ugi kathah warga ingkang sengsara.
Adipati Puspahanungjaya lan Pramesti bisa mangerteni kemrungsunge ati putrine, suraya mangerteni nyetujukake apa wae putusan menika ingkang den janjikake Dewi Rayungwulan.
Wondenipun sang putri nulak, wong tuwa loro ora bakal kabotan. Asal nulak sing alus, supadhos Adipati Yudapati ugi Pangeran Josari ora ngerosa kesinggung sahingga ndamel amarah. Amargi tiyang sepuh pundhikemawon nyengsarakake anake dadhos bojo wong lanang sing budi pakerti lan perangaine ora becik.

Ati Dewi Rayunwulan ngerasa seneng yen ngerteni wong tuwa lorone ora menksa kahanane. Wonten ing wekdal ingkang jangkep Dewi Rayungwulan arep pangucap sekirane jawaban kuwi abot banget kangge Pangeran Josari. Dewi Rayungwulan nemenke pandonga marang sang khuwasha sing maha agung supadhos angsal jawaban kangge Pangeran Josari. Jawaban menika kudhu bener lan tepat, amargi salah mangsuli jawaban ndadhosake dampak ing kelangsungane urip ing rumah tangga.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Dewi Rayungwulan bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter