-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: DEWI ANJANI

Dewi Anjani atmajane resi Gutama patutan karo dewi Windradi di hya dewi windarti sawijinning widadari, kalebu matasaning widadari ing Kahyangan Kaindran. Anggone dadi garwane Resi Gutama awit saking nugrahaning Sanghyang Bathara Indra dene banget anggone suyut sujud ngabekti ing pangeran Hyang Bathara kang akarya jagad.
Dewi Anjani duwe rayi kakung loro yoiku Raden Anjana lan Anjarnaka. Sadurunge apes rewanda, Dewi Anjani kuwi endahing warna tan prabeda lawan ingkang ibu. Salagane solah bawa wicarane bebasan kaya jambe sinegar, mula ora mokal yen bareng wis ngancik remaja putri tansah dadi sekar lathi. Dhasar atmajane Sang Resi kang putri mung siji, panyuwune tansah dituruti uga karo ibune sang Dewi Windarti.


Kacarita Sang Bathara Surya kang wis kagungan garwa widadari sakembaran Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni, nanging isih kersa sambung tresna karo Dewi Windardi, garwane Resi Gutama. Mula sang dewi paring sarana kang nyulawadi, yaiku: Cupu Manik Astagina. Mungguh katiyase jimat mau: kena kanggo sambung wicara, loro kanggo matak aji pameling lan kanggo nyumurupi kahanan ing kahyangan.


Pitungkase sang Bathara Surya marang sang dewi wanti-wanti , “ Yayi Windarti, Cupu Manik Astagina iki tampakna minangka sarana yen sira ana karya lan swasana kang prayoga. Away kongsi kasumurupan dening liyan bebrayan, mbebayani banget.”
Nanging rehna kurang waspada, nuju sawijining wanci nggone mirsani kadenangan Dewi Anjani. Ingkang ibu ngguyu lan ngendika, nuli ditunggu sawetara. Bareng wis rampung lan arep disimpen, disuwun dening Dewi Anjani, njur saking tresnane marang putra diparingke kanthi pitungkas aja nganti konangan sapa bae. Malah nalika Dewi Windardi sowan ing kahyangan uga nate sambung wicara karo Dewi Anjani. Kagawa saka yuswa, anggone dolanan cupu manik astagina kurang ngati-ati, kaweruhan dening emban swareh,lan enggal-enggal didhelikake. Emban Swareh wadul kaliyan cantrik pamonge Anjana lan Anjarnaka yaiku Jembawan. Kabeh pada sujana, banjur liya dina diinjen maneh.


Nalikane konangan banjur cupu mau dienggo rebutan. Ramene rebutan keprungu dening Resi Gutama. Banjur mangertosi bilih ramene mau kerana rebutan cupu, banjur Dewi Anjani didangu olehe entuk barang kuwi saka ngendi. Dikandhaake antukke saka Dewi Windardi.
Sang garwa matur blaka, kang banmjur nggawe pepeting jagad Ngalengka. Dewi Windarti diusir, Cupune dibuwang dadi Tlaga Nirmala lan Sumala. Tlaga Sumala kang njalari apesing Dewi Anjani bareng emban swareh. Lan sedulur-sedulure wujud wanara kabeh. Nalika dadi wanara kabeh, banjur nyuwun ruwat dening sang Resi Gutama. Nanging bisane bali kaya maune kudu nglakoni tapa brata.

Kacarita Dewi Anjani kang dikancani Emban Sawareh, mung tansah kungkum ing Tlaga Mandirda, ora nate dahar yen ora ana panganan kan tumiba ing tutuke. Anggone lara lapa mung ngarep muga katarima kanggo panebusing laku,numusana sabda tama ingkang wus kawedar.
Pinuju sawijining dina Hyang Paramesthi guru nglanglang jagad nitih Lembu Nandini. Tekan sadhuwuring Tlaga Madirda tumenga mangisor pirsa cahya sumunar, bereng dipirsani kanthi permati jebul ana wanita kang ngambang nyanthukna ing gampenging tlaga tanpa awer-awer. Padha sanalika kataman dhayaning asmara kama korut tumiba ing jroning kamal (sinome) kang manglung ngayomi tlaga. Bareng kumleyang tumuba ing pangkone Dewi Anjani, sinom didahar. Dene lepehane didhahar dening Emban Swareh. Kekarone banjur nggarbini rumangsa ora nate gepok senggol marang priya, kekarone gumun kok bisa ngandhut. Bareng wis tekan wahyaning mangsa kala sarta krasa ngranuhi, Bathara Bayu rawuh, paring pirsa yen kang kinandhut iku kamane Bathara Guru.

Mbarengi tumuruning Bayu Kanetra kairing Bayu Bajra manjing ing guwa garbane Dewi Anjani tan panthara sinidhikara lair jabang bayi kakung wanara seta macahya mancur. Mangkono uga Emban Swareh babaran bayi lanang. Putrane Dewi Anjani kaparing asma Raden Senggana utawa Anoman, kang dilairke Emban Swareh kaasma Kapi Swedha, tegese kethek ireng. Kekarone kedhawuhan ngawu-awu menyang kahyangan dene Dewi Anjani lan Emban Swareh nuli karuwat Bathara Bayu bali jati waluya.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: DEWI ANJANI bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter