-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: ASAL – USUL KERATON PATI PESANTENAN

Adhipati Yudapati ngutus patih Singapati lan prajurite ning Kadipaten Carangsaka kanggo nglamar Dewi Rayungwulan.

“ Hey…Patih Singapati gowonen prajuritmu kanggo nglamar Dewi Rayungwulan kanggo anakku Pangeran Josari. “ Ngendikane Adhipati Yudapati.

“ Sendika dhawuh. “ Ngomonge Patih Singopati.

Sanalika kuwi Patih Singapati lan prajurite mangkat ning Kadipaten Carangsoka. Ora let suwe Patih Singapati lan prajurite mbalik ning Kadhipaten Paranggaruda. Disambut kanthi ora sabar karo Adhipati Yudapati lan Pangeran Josari.



“(Karo lenggah silo ning ngarepe Adhipati Yudapati ) Adhipati Puspahandungjaya sedya nampi pinangan ananging Dewi Rayungwulan nyuwun prasyaratan inggih menika saperangkat gamelan engkang saget mungel piyambak. Upami prasyaratan menika sanget dipuntampi mila. Dewi Rayungwulan saged nampi pinangan Pangeran Josari.“ Laporane Patih Singapati.
Pangeran Josari ngamok, tangane ngemgem lan gemeter ndungu omongane Patih Singapati. Amangi prasyaratan kuwi ora bakal bisa diwujudake, lan kuwi mang penolakan kanthi cara kang alus.
Adhipati Yudapati ngerti tenan watek putrane kuwi kawit cilik. Apa wae sing dikarepake kudu kelakon tanpa usaha. Nanging senajan kaya ngono Adhipati Yudapati banget sayange marang putrane kuwi.
Adhipati Yudhapati ngutus para abdi supayo golek gamelan kaya mangkono nganti sakketemune. Banjur marentahke Yuyurumpung kemaguhan lan Singapati kanggo goleki.
“ Yuyurumpung lan Singapati, goleko gamelan sing bisa muni dhewe kaya sing dikarepake Dewi Rayungwulan nganti ketemu, supayo Pangeran Josari bisa dadi bojone Dewi Rayungwulan.” Parentahe sang Prabu.
Sakwise salam hormat Yuyurumpung lan Singapati nglakoni apa sing diperentahke Adhipati Yudapati kanthi temenanan.

Kanthi wulan-wulanan Patih Singapati lan Yuyurumpung anggone goleki dalang sing nduwe saperangkat gamelan sing bisa muni dhewe. Sak kadipaten Paranggaruda diubengi malahan kanthi ning Kadhipaten liyane. Para abdi uga meres kringet kanggo goleki gamelan kaya mangkono nangina Pangeran Josari malah seneng-seneng, foya-foya karo para kancane, lan para dayang Kadipaten. Senajan sak benere kepeksa nuruti Pangeran Josari nanging dayang-dayang tetep nuruti sakjaluke Pangeran Josari.
Sesuwene Singapati lan Yuyurumpung golek dalang kang bisa muneke gamelan dhewe, pungkasane ana kacile yakuwi dheweke nemokake dalang kaya sing digoleki yakuwi ki Dalang Sapayana. Banjur Singapati sowan ning omahe Ki Dalang Sapayana.
“ Ki, aku mbutuhake pitulungmu yakuwi Ki sudi nganakake pagelaran wayang ing ngarepe Dwi Rayungwulan, calon bojone Pangeran Josari amarga kuwi syarat kanggo bisa minang Dewi Rayungwulan.” Panjaluke Singapati.

“ Inggih kawula purun nganakake pagelaran menika.” Semaure Ki Dalang Saparyana.
Tiba dina sing disepakati, Ki Dalang saparyana lan loro sindene teka ana ing Kadhipaten Paranggaruda. Wengine banjur dianakake pagelaran wayang kuwi. Adhipati Yudapati, Pangeran Josari lan para abdi padha ndelok pagelaran kanthi ora bisa ngomong maneh. Nalika ndungu swara gamelan nanging ora kethok ana gamelan babarpisan. Atine Adhipati Yudapati lega, amarga prasyarat saka Dewi Rayungwulan bisa kewujud.
Bubar nganakake pagelaran wayang, “Ki Dalang Saparyana banjur diutus ngadep Adhipati Yudapati.
“ Ki, aku njaluk kesanggupanmu nganakake pagelaran ing Kadipaten Carangsoka. Aku siap mbayar kowe pira wae sing mbok njaluk.” Ngendikane Adhipati Yudapati.
“ Kawula sedya nganakake pagelan wayang ing Kadipaten Carangsoka, lan kawula mboten nyusun bayaran engkang gedhe, kawula naming nyuwun perlindungan kangge kaslametane pesinden kawula.“ Semaure Ki Dalang Saparyana.

Adhipati Yudapati enggal-enggal ngirim utusan ning Carangsoka, ngandani yen arep dianakake pagelaran wayang sing gamelane bisa muni dhewe.
Adhipati Puspahandungjaya kaget nalika nampa gulungan kulit sing isine pesan saka Adhipati Yudapati, nanging ora dikatokake.
“ Aku siap nompo kahananane Adhipati lan Pangeran Josari kanggo minang putriku.” Ngendikane Adhipahi Puspahandungjaya.
Ndungu jawaban kaya mangkono, utusan Adhipati Yudapati banjur mohon diri kanggo nyampekake balesan saka Adhipati Puspahandungjaya.

Adhipati Puspahandungjaya ngundang Prameswari lan Dewi Rayungwulan. Adhipati ngandhakake yen prasyarat sing diajukake marang Pangeran Josari bisa dipenuhi.
“ Nduk cah ayu, syarat sing mbok ajokake marang Pangeran Josari yaitu saperangkat gamelan sing bisa muni dhewe kuwi bisa dipenuhi karo Pangeran Josari, komplit karo pagelaran wayang lan loro sinden. Saiki kepiye kahananmu? “ Ngendikane Adhipati Puspahandungjaya.

Dewi Rayungwulan mung meneng ora bisa ngomong apa-apa maneh. Kamangka syarat sing diajukake Dewi Rayungwulan namung seperangkat gamelan sing bisa muni dhewe nanging iki malah pagelaran wayang komplit karo loro sinden. Dewi Rayungwulan mblayu ana ing praduane. Raine mendung, mripate kaca-kaca. Atine keranta-ranta dadi bojone wong lanang sing ora ditresnani.
Seminggu sakwise, Adhipati Yudapati, Pangeran Josari lan rombongan teka ing Carangsoka. Nggowo rombongan gedhe sing agung, komlpit karo barisan prajurit kenurmatan sing sengaja dipilih. Uga ora keri Ki Dalang Saparyana lan loro sindene.

Adhipati Puspahandungjaya lan Prameswari nyambut kanthi rasa kekeluargaan. Pangeran Josari ngethoke yen dheweke bakal dadi bojone Dewi Rayungwulan. Dewi Rayungwulan ana ing kamar, nyuwun karo sing Maha Kuasa supaya diwenwhi kekeuatan batin, bisa nampa Pangeran Josari sing sakbenere ora dikarepake.
Ing wayah wengi pagelaran dilaksanakake. Adhipati Puspahandungjaya lungguh jejeran karo Prameswari. Dewi Rayungwulan lungguh ing kursi gading sing apek tenan. Pangeran Josari ora bosen-bosen ndelok rupa ayune Dewi Rayungwulan.

Ki Dalang Saparyana miwiti pagelaran wayang kulite. Ambarwati lan Ambarsari uga miwiti nyanyikake tembang kanthi swara kang merdu. Mbah soko ngendi, ujug-ujug ndungu swara gamelan ngiringi tamongko ora ana gamelan babarpisan. Sing ndelok padha kaget.
“ Swara saka ngendi kuwi, ora ana gamelan nanging ana swara gamelan muni?” pithakone slah sijine sing ndelok.
“ Mbuh aku dhewe yo bingung saka ngendi asale swara kuwi.” saurane kancane.

Dewi Rayungwulan sing maune ndingkluk dadi ngangkat sirahe, raine dadi terang. Ki Dalang Saparyana sadar yen dheweke lagi diperhatetekake Dewi Rayungwulan. Dewi Rayungwulan bener-bener malih ora nunduk lan meneng maneh. Ndelok kaya mangkono Pangeran Josari gamok, raine abang kabeh. Dewi Rayungwulan sing kawet mau lungguh, sanalika ngadeng banjur mblayu ngampiri panggung. Pagelaran lan nubruk Ki Dalang Saparyana njaluk lindungane. Pagelaran wayange sanalika kuwi mandeg. Ki Dalang kaget, tamu-tamu padha bingung. Apa maneh Pangeran Josari, ngadeng saka panggon lungguhe lan nyabut kerise, banjur nyerang Ki Dalang. Ki Dalang Saparyana ngadeg karo mbopong Dewi Rayungwulan ngindari serangan Pangeran Josari. Awake mlesat lan sikile nendang dada Pangeran Josari. Awake P.Josari ngleyang, ora ngira ten keris sing ning tangane kena dadane dhewe.

Adhipati Yudapati ngamok, arep nggudak Ki Dalang Saparyana kerise arep ditujepke nanging dikalangi Adhipati Puspahandungjaya. Pungkasane Adhipati Yudapati bali ning Paranggaruda kanthi ati kang remuk lan kebak karo rasa dendam. Dheweke tetep ngiro yen sing dadi penyebabe Ki Dalang Saparyana sanajan ati cilike ngaku yen Ki Dalang Saparyana mung mbelani awake dhewe.

Adhipati Yudapati mohon supaya nagkap Ki Dalang Saparyana banjur dikirimake ning Paranggaruda kanggo diadili lan dihukum. Nanging Adhipati Puspahandungjaya mendel wae, kaya-kaya ora preduli. Mula kuwi Adhipati Yudapati murka, nduwe niat bakal gempur Carangsoka kanthi ngejokake kabeh prajurit Paranggaruda. Adhipati Yudapati nyiapake kabeh prajurit kanti senjata lengkap, rencana sing mateng.
Semono uga Adhipati Puspahangungjaya sing krungu kabar kuwi saka para telik sandi ningkatake waspadane lan nyusun kekuatan kanggo bentengi gempuran Paranggaruda. Adhipati Puspahandungjaya ngundang Senopati Kembangjaya kanggo ngrembug taktik ngadepi gempuran kuwi. Adhipati Pusahandungjaya uga ngundang Raden Sukmayana ning pratapaan Telamaya ning kawasan Gunung Muria.
Adhipati Yudapati lan prajurite sing direwangi karo jaga-jaga bayaran teka. Prajurit Carangsoka nyambut kanthi tanpa rasa gentar. Senopati Kembangjaya, Raden Sukmayana lan Ki Dalang Saparyana kuwi telung serangkai sing bisa ngugah semangat tempure para prajurit.
Adhipati Yudapati mimpin dhewe para prajurite, lan enggal marentahke pengempuran.
“ Serang………!” parentahe Adhipati Yudapati.

Prajurit-prajurit Paranggaruda enggal-enggal gempur saka kabeh arah. Wiwite prajurit ngiro yen aman amarga ora ana prajurit babarpisan. Nanging, nalika mlebu njero prajurit-prajurit padha kaget. Para prajurit Carangsoka kasunyatan wis siaga lan menehi perlawanan.
Perang wis ora bisa dipenggak meneh. Adu kekuatan loro klompok gedhe sing katon imbang, pada mbacok, manah. Wong-wong wedok pada jerit, jaran-jaran padha ngringkik nambahi rame. Kabeh gempuran saka Paranggaruda bisa dilawan karo Carangsoka.

Pungkasane Adhipati Yudapati mati kena tombak lam pedang. Para prajurit Paranggaruda sing iseh urip padha nyerah. Rakyat Carangsoka jingkrak-jingkrak saking senenge bisa ngalahake Paranggaruda.
Katentreman Carangsoka wis balik kaya sedya kala. Kembangjoyo sing dadi panglima perang dinobatke dadi Adhipati Carangsoka lan dinikahke karo Dewi Rayungwulan. Carangsoka lan Paranggaruda didadhekake siji dipimpin Adhipati Kembangjaya. Supaya luwih gampang ngawasi Paranggaruda mula kadhipaten dipindah ing desa kemiri kanthi cara mbabat alas kemiri. Wektu mbabat alas kemiri ketemu karo wong dodol dawet jenenge Sagola, utawa P.Onggo. Raden Kembangjaya tuku kanggo persediaan dheweke lan prajurite. Dawet sing digawe saka pati wit aren banjur diwenehi santen saka klapa lan digebyur santen lan gula aren kuwi mula Raden Kembangjaya nduwe gagasan yen kraton sing arep dibangun iki diwenehi jeneng keraton Pati Pesantenan. Ngadake kurang luwih 1292 M. Miturut silsilah raja, sakdurunge kejayaan Majapahit.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: ASAL – USUL KERATON PATI PESANTENAN bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter