-->

Ads 720 x 90

Cerita Bahasa Jawa: Asal Mula Desa Kajen Pati


Wonten ing sebrang lor pesisiran ing Pati wonten desa ingkang anggadhahi asma Kajen. Samenika wonten ing desa niki kathah tiyang – tiyang saking pundike mawon ingkang sami Ziarah wonten ing Makam Mbah Mutamaqin. Wonten ing maka menika mboten nate sepi saking penziarah-penziarah, dinten napake mawon. Senajan iku esok, awan, sore. Apa maneh wengi, ora nate sepi saking penziarah. Kemashuran Mbah Mutamaqin sampun mboten dipun sepelekake malih. Kathah ingkang maosake surat yasin lan maosake tahlil lan uga wonten ingkan ngapalake qur’an. Ugi wonten ingkang nyuwun ijabahe supadhos angsal kepinteran lan sapanunggalanipun.


Desa Kajen samenika asalipun saking Mbah mutamaqin. Kacariyos mekaten : Mbah Mutamaqin anggadahi pangingon inggih menika Jin ingkang katah. Cekak cerita, Mbah Mutamaqin menyang ing mekah dipun gendong jin. Nanging dereng ngantos mekah jin menika nibakake mbah mutamaqin ing segara. Banjur Mbah Mutamaqin ketemu kaliyan iwak kang ageng. Ora suwe Mbah Mutamaqin numpak Iwak kang gedhe mau ning tepi laki Nil. Banjur Mbah Mutamaqin bisa ngakoni Kaji ngantos rampung.

Sak rampungi kaji, Mbah Mutamaqin mboten anggal kendaraan kangge bali menyang tanah jawi. Nanging atine mantep yen deweke bisa bali ing tanah jawi. Ora let suwe Mbah Mutamaqin kepadhosan tiyang wonten ing Mesjid. Durung wae ngomongake apa sing di adepi, wung kuwi wis ngerti dewe. Mbah Mutamaqin manut lan mantep yen iki pancen pitulungane sing gawe urip. Mbah Mutamaqin di wenehi pesen : “aja melek yen durung tekan lemah”. Mbah Mutamaqin merem.

Wong mau, ngepruk Mbah Mutamakin sing lagi sila nganggo tongkat ning tangane. Banjur Mbah mutamakin mletik aduh, tiba ing disa sing di jenengake Cebolek (sing artine ceblok terus melek). Banjur melaku terus ning arah kulan sangka desa cebolek banjur netep ning kana.
Mbah Mutamakin netep ing kulan desa Cebolek kuwi akeh sing geting. Apa tenan wong kuwi kaji ijen? Banjur suwene netep ing kana, Mbah Mutamaqin ngamalake ilmune teng mriku. Banjur suwene Zaman papan panggenan kuwi dijenengake Desa Kajen ( Kaji Ijen), sing saiki dadi kutha santri ing daerah kuwi. Cekak cerita nganti saiki sabanjure Mbah Mutamaqin ing wulan Suro. Saben siji sura okeh wong-wong sing Ziaroh ing ngriku.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Asal Mula Desa Kajen Pati bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter